Cipta Weningipun Kanjeng Kyai Sadrach Suropranoto


Kanjeng Kyai Sadrach Suropranoto katitik kagungan keprigelan hanyipta weninging panembah. Kawistara seka anggone mbangun agama Kristen ing Karangjasa. Sapa kang nyana, ing ngatase wong neneka ing Karangjasa bisa yasa Mesjid Agung (sebutan kanggo Greja) kang gumantung tanpa canthelan. Luwih ngeramke maneh, papan kang kanggo mbangun Greja kuwi tilas kedung kang jerone nora jinajag dening gantar. 

Miturut tutur tinular kang tansah dadi pocapaning akathah, madege Greja ing Karangjasa wus winangsitake dening priyayi kang sabanjure dadi eyang marasepuhe Kyai Sadrach. Iya kuwi wong tuwane Nyai Suramenggala lan eyange Roro Tompo. Eman dene asmane tan cinathet. Nah, Nyai Roro Tompo kuwi maune dadi garwane Kyai Kasan Mentaram sadurunge kapasrahake marang Kyai Sadrach minangka tandha pakurmatan sawuse kalah adu ngelmu. Dene pamedharing wangsit iku mangkene:
"Besuk ing jaman akhir, kowe dak kira menangi kidul Ketug kuwi -sakidule Stinggil, sanajan saiki isih kedung ora anjajag gantar- besuk bakal Ana Mesjid Agung, gumantung tanpa canthelan. Iku yen wis kelakon, pratandha wis jaman akhir. Kowe dipadha ngati-ati. Kowe padha duwea ngelmu dakik, yaiku: sabar drana, sedhekah Allah, ngelmu lire semilah gacok."

Mungguh kepriye dene sabanjure kelakon temenan Kanjeng Kyai Sadrach kang netepi pamedhar wangsit iku? Nora hana liya kajaba marga kadayan weninging panembahipun Sang Kyai. Tandhaning cipta kang wening mungguhing Sang Kyai karekam dening pandhereke, warga Kristen Kerasulan Hulubangsa Sebulon kaya kang rinakit ing buku alit (1954) mangkene:
"Pandjenenganipoen saged mbangoen agami kanthi kasutjianing penggalih, berbudi, sugih pangapoenten, ambeg asih, ambeg mirah lan welasan. Saged ngundjara hawa nepsu (mboten dhahar eses utawi rokok), mboten carem lan pawestri, sarta mboten kagoengan pakareman lan ngagem2 barang ingkang sae2 lan peni2 kados dene umuming akathah. Soegih kawroeh (ngelmoe Djawi lan Arab, Kitab Sutji karingkes) lan moempoeni ing samoekawisipoen; lan oegi pangertosan kangge nobataken, soegih pangertosan 'adji', djadja kawidjajan ingkang saged anenarik dhateng kapitadosanipoen para tetepanganipoen."

Gegambaran tumrap Kanjeng Kyai kang mangkono nelakake manawa panjenengane kuwi wus dadi Sang Wita Raga. Tegese 'wita raga' kuwi resik lair lan batine kadayan ciptané kang wening, nduweni kasutjianing penggalih. Ibarat ing lakon Begawan Cipta Wening, Kyai Sadrach kuwi nora liya iya kuwi Sang Wita Raga dhewe, kang ingaran uga Minta Raga, kang sanyatane dadi peparabe Sang Cipta Wening.

Ora maido manawa nalika yasa Mesjid Agung, kang dadi mustaka kuwi kejaba Sanjata Cakra uga hana Pusaka Pasupati. Kaya kang dimangerteni yen ponang Pasupati kuwi pusaka kagungane Sang Hyang Shiwa, kang nalika maringake pusaka kuwi marang Begawan Cipta Wening ngetingalake transfigurasine minangka Sang Ardhanariswara.

Tuhu handayani cipta weninge Kanjeng Kyai Sadrach Suropranoto kanggo mbangun pasamuwan suci, linandhesan kestjianing penggalih. Nora maido manawa pikantuk idining Hyang Widhi srana sengkute para muride Kanjeng Kyai nampa jejibahan mbangun Mesjid Agung kang gumantung tanpa canthelan. L.W.C. van den Berg nganti alok manawa Karangjasa dadya punjering Kristen Jawa ibarate Mekkah. Lah iki kang dadi maknane Sanjata Cakra pinuja Kanjeng Kyai minangka mustaka Greja Karangjasa. Cakra mralambangake rodaning jagad kekristenan mubeng seser ing Karangjasa.

Nyurasa lelakon sejarah kang kaya mangkono, banjur kepriye patrap kang pa's kanggo ahli waris ngelmu Kristen kang binabar Kanjeng Kyai?

Hanyipta weninging panembah pantes dadi gegulangane para ahli waris ngelmu kasukman kuwi. Patrap mangkono muga nuntun lakuning sembah nganti pikantuk pusaka Pasupati kang ndayani kanggo mbengkas angkara murka kang manggon ing atine dhewe-dhewe.

Rahayu pradataning pasamuwan kang saben dina Senen jam telu ndungkap angslupe surya gelem meneng ing sangisore mestaka Greja Karangjasa. Laku meneng murih weninging kridha panca acintyabhakti kanthi asikep mundhi gegaman Pasupati lan Sanjata Cakra.

Komentar