Hanyipta Weninging Panembah Bebarengan Kanjeng Kyai Sadrach

Kanjeng Kyai Sadrach kuwi sadurunge manjing pracaya dadi senapati Dalem Sang Kristus Ratuning Salir Dumadi pancen dhemen ngangsu kawruh kasukman. Mula ing babagan ngélmu, panjenengane pancen sugih. Kasugihane kuwi kawistara ing olah ciptané kang wening. Srana cipta kang  wening iku, Kanjeng Kyai Sadrach ngetingalake olah kridhaning panembah marang Gusti Allah, iya Gustining Dumadi.


Panembahe Kyai Sadrach kanthi ciptané kang wening iku bisa sinurasa srana pepethan yeyasane. Iya iku tandha salib suci kang rinengga saka pusaka sekti werna loro. Sanjata Cakra pusakane Hyang Wishnu lan Pasupati pusaka sektine Hyang Shiwa kang kaparingake marang Begawan Cipta Wening. Lelorone manunggal dadi satunggal minangka mustaka Greja kang ingaran "Mesjid Agung kang gumantung tanpa canthelan" ing tlatah Karangjasa.


Ing kene katitik menawa olah ciptaning Kanjeng Kyai Sadrach pancen unggul lan menjila. Panyurasa tumraping sakabehing ngelmu kasukman nganti manjing pracaya marang Sang Kristus Sang Guru Sejati kababar ing mustakane Masjid Agung kidul Ketug, kidule Siti Hinggil. Cakra lan Pasupati cinipta dadya pratandha Katresnane Hyang Maha Suci minangka mustaka, kadya kang binabar ing prastawa Golgota Ardi. 


Durung maneh, madhege Mesjid Agung kidul Ketug ing jamane Kyai Sadrach kuwi miturut Manuskripe Kyai Jotham Martareja wis tau diramalake dening Eyange Roro Tompo. Roro Tompo kuwi garwane Kyai Kasan Mentaram. Sawuse guru ngelmu seka Desa Ketug kuwi kalah adu ngelmu lawan Kyai Sadrach, bojone dipisungsungake marang Kanjeng Kyai. Roro Tompo klakon winengku garwa sanajan mung dadi inya tumrap Kanjeng Kyai Sadrach Suropranoto.


Miturut tutur tinular, Kyai Sadrach pancen nora carem ing pawestri minangka salah sawijining laku kanggo njaga kasucening penggalih. Ora maido manawa panjenengane nora kagungan putra sanajan mengku garwa Roro Tompo. Kaya-kaya bab iki dadi srana murih pamecane eyange Roro Tompo dadi kasunyatan. Ana Mesjid Agung kang gumantung tanpa canthelan madheg ing kidul Ketug. Sawijining tembung kang ngelingake marang Suluk Ling-Lung Sunan Kalijaga kang rinengga ing Sekar Dhandhanggula:


"lamun sira arsa munggah kaji | marang Mêkah ya ana apa ta | Mêkah patilasan bae | Nabi Brahim karuhun | ingkang iyasa ponang mesjid | miwah tilasing katbah| kang kari mung watu | gumantung tanpa canthelan | apa iku kang arsa sira bêktèni | dadya mangran brahala."


Sawijining sasmita supaya Mesjid Agung yeyasane Kanjeng Kyai Sadrach dadya papaning wong-wong seka ngendi-endi paran hanyipta weninging panembah. Lah saka ing kene, dadi wigati mungguhing pasamuwane Kyai Sadrach nindakake kridha hanyipta weninging panembah ing Masjid Agung kang amestaka Salib Suci kang cinipta seka Sanjata Cakra lan Pusaka Pasupati.


Luwih prayoga menawa ciptaning panembah kang katindakake ing wayah esuk kawitan kanthi pradaksina. Menawa ing wayah sore prayogane prasawya. Bab iki wigati supaya cathetan manuskrip saka Kyai Yotham mungguhing Masjid Agung kang gumantung tanpa canthelan dadi urip temah bisa urup. Lire papan patilasane Kanjeng Kyai Sadrach bisa netepi kang dadi cathetane takdir. Dadi papane ngelmu sejati, ngelmu kang dhakik, binabar laras karo ubenge Cakra Almenak Liturgi.


Banjur kepriye mungguh cak-cakane hanyipta weninging panembah bareng Kanjeng Kyai Sadrach?


Arane mono hanyipta wening mesthi disranani patrap meneng. Ing kene piwulange Kyai Amongraga dadi wigati. Raga kagawe anteng lan meneng murih cipta dadi wening. Sedhakep saluku tunggal, nyirep babahan hawa sanga. Kanthi raga kang asikep meneng kuwi kang dadi dalane hanyipta weninging panembah.


Kelakon, ing dina Jemuwah Wage, 21 Safar 1440 (29 November 2018), Pradataning Pasamuwan GKJ Karangjasa miwiti laku hanyipta weninging panembah bareng Kanjeng Kyai Sadrach. Nere mung prasaja bae. Nulad patrape Dewi Maria kang meneng ing sacelake Sampeyan Dalem Sang Kristus Gusti. Mula kang dadi papane lungguh digawe ajeg.


Mungguh kebabare hanyipta weninging panembah bareng Kanjeng Kyai Sadrach kuwi mangkene:

Pendhita wus samekta ing sangisore mestaka Cakra lan Pasupati. Kanthi patrap tidhem, pradataning pasamuwan lumebu tumuju kursine dhewe-dhewe. 


Kidung Bathik nomer 23 bab ngaturake sembah bekti kaulukake sepisan, sinusul ungele Sahadat Rasuli. Rampung sahadat banjur meneng lan anteng, udakara setengah jam. Nalika wektu kanggo hanyipta weninging panembah rampung, banjur pratela Donga Rama Kawula bebarengan. Sejatine mono manawa Donga Rama Kawula ditembangke srana Sekar Pocung kagalih luwih jumbuh karo kahanan wiwitan.


"Dhuh Ramalun‎|ingkang munggweng suwarga gung‎| mugi asma Tuwan| linuhurna sagung jalmi‎| kraton Tuwan mugi rawuh mring pra umat…"


»»kakintun kinanthi sembah bekti dumugèng megatruh««


Komentar