Gusti Dudu Memedi
Gunung Merapi pirang-pirang dina iki lagi “mengguk”. Ana
sing ngelingake kanggo masyarakat sakiwa tengene supaya Merapi kuwi ana ora
kanggo diwedeni. Merapi kuwi ana kanggo nguripi lan diuripi. Tegese ora perlu
wedi sanadyan Merapi lagi erupsi. Yen kudu ngungsi ya dilakoni wae, nanging ora
kalawan rasa wedi. Ana wektune urip bebarengan kuwi ngrasakake kepenak
bebarengan, nanging ana uga kala mangsane ngrasakake prihatin bebarengan.
Lah, semana uga bab Toret kang ditampa bangsa Israel. Anane Toret
kuwi ora supaya diwedeni, nanging supaya diuripi bebarengan. Nadyan ta
mangkono, panampane bangsa Israel, Toret kuwi wis dadi pranatan sing kaku. Kayadene
bab nucekake dina Sabat, bangsa Israel wis kebacut nampa yen ing dina Sabat
kuwi dina kagem Gusti Allah. Mula ora dikeparengake ing dina Sabat nyambut
gawe nadyan ana wong kelaran sing butuh ditulung. Pranatan iki asipat kaku. Harga mati! Tegese pranatan iki kang
milah bab bener apa salah. Yen dilakoni bener, yen ora dilakoni salah (dosa).
Dadine bangsa Israel wedi karo Toret amarga yen ora nindakake bakal dosa. Iki
padha karo wong numpak pit montor nganggo helm kuwi supaya apa? Akeh sing
mangsuli supaya ora dicekel polisi. Blaik... Rak ya dadi salah panemu? Nganggo
helm ora amarga supaya slamet nanging supaya ora dicekel polisi. Lha yen neng
ndalan ora ana polisi, banjur apa ya isih padha nganggo helm?
Sikep wedi marang aturan/ajaran iki sing dadi penyakite
agama. Saben Minggu ngibadah neng greja, saben Jemuwah sholat neng masjid kuwi
amarga apa? Akeh lho sing ngibadah amarga kepeksa. Wedi... Pekewuh... Lho
ngibadah kok wedi? Apa Gusti kuwi memedi? Gunung Merapi sing erupsi ora perlu
diwedeni nanging diuripi bebarengan supaya bisaa nguripi. Lha pranatan kuwi ana,
ora kanggo meden-medeni umat, nanging kanggo diuripi bebarengan supaya bisaa
nguripi lan dadi berkah. Rak ya ngono ta?
Komentar
Posting Komentar