bom-boman pas pasa


kanggoku, menawa krungu bom iku sing kebayang suara mbledhose mercon sing seru banget.
cilikanku biyen neng sala saben wancine magrib buka pasa ana suara kaya ngono kuwi sing diluncurke saka masjid tegalsari, sekitar laweyan.
kanggo gampange wong-wong biyen nyebut kuwi mau "dhul" sing dijupuk saka swarane bom mau. menawa krungu swara mau banjur masjid ngumandhangake adzan magrib.
dhul, tegese, wis wiwit oleh buka.

kadhangkala aku nglurug ngepit saka omahku sing udakara 3 kilometer adohe saka masjid mau, saperlu ming arep weruh bom sing dilucurke njuk mbledhos neng ndhuwur.
swarae banter nganti sak sala krungu kabeh.

dhul utawa bom-boman mau pancen sengaja digawe supaya efeke isa keprungu tekan ngendi-endi. bom-boman mau pancen kaya mercon, lan kembang api, sing mbledhose malah dinikmati, ditunggu-tunggu, lan ditonton wong akeh.

nanging, dina-dina iki, sing ngebaki berita sak indonesia, dudu bom-boman mau. iki bom tenan.
wancine ora pas pasa, nanging seminggu sakdurunge.
bom iki -jare sing berwajib- digawe wong-wong sing disebut gampange wae "teroris". tembung teroris kuwi tegese wong sing gawe teror, gawe wedi, gawe gigrige wong liya.
sing nindakake pengeboman mau dudu wong sangar-sangar, nanging malah bocah, ibu-ibu sak brayate.

pancen ora tinemu nalar. lan sajake pancen ora nganggo nalar, kok ana wong gelem ngebom wong liya klebu dheweke dhewe. ana sing aweh penjelasan menawa para pengebom mau nindakake pengeboman mau jalaran melu ajaran sing lempeng, lurus, ora gelem kompromi.

saka penjelasan iku mau aku banjur dhong, menawa ajaran sing ninggal nalar, iku bisa gawe cilakane dhewe lan uga cilakane wong liya. muga-muga indonesia saya akeh wong sing gelem sinau, ngasah nalar, ora ming waton manut, taat, takwa. bangsa eropa bisa maju jalaran ninggalake patrap sing ora nggunakake nalar. mula banjur padha padhang budine. 

ngarepake sasi ramadhan, muga-muga kita padha kaparingan pepadhang mau. 

Komentar