wiwitaning mangsa ketiga




Jagad maya nembe geger amarga puisi kang diwaca dening Sukmawati Soekarnoputri. Jarene puisi kuwi wis ngremehake sawijining agama amarga ana perangan kang ngasorake cadhar lan adzan. Ana uga ukara : “aku tak tahu Syariat...” kang ndadekake gegering jagad maya wiwit awan mau.

Pancen kudu ngati-ati banget ing wektu iki anggone padha nglairake gagasan lan kritik. Ujare wong Jawa, ngono ya ngono ning aja ngono. Ngritik mangga-mangga mawon, nanging kudu empan papan. Nglairake panguneg-uneg, mangga-mangga mawon, nanging kudu eling yen awake dhewe iki ora urip ijen. Apa sing kanggoku apik, kanggone wong liya durung mesthi ditampa apik. Semana uga apa sing kanggoku elek lan natoni ati, kanggone wong liya bisa dadi bab kang apik lan luhur. Kayadene puisine Sukmawati... kanggone saperangan wong kuwi karya seni kang endah. Nanging nyatane, akeh wong uga kang nganggep kuwi bab kang natoni atine.

Saiki pancen awake dhewe lagi mlebu ing wiwitaning mangsa ketiga. Neng ngendi-endi krasa panas. Kesenggol sithik panas. Emosi. Umub. Apa maneh yen ngrembug bab politik lan agama. Kesleo sithik wae bisa dadi cilekek. Mulane pancen kudu pinter-pintere ngampet ambegan. Ngampet nglairake bab-bab kang bisa ndadekake kahanan sangsaya panas menawa kawetu.

Ngadhepi gara-gara ngene iki pancen apike nulad marang Panakawan. Yen wis metu Panakawan, gara-gara panase kaya ngapa tetep bisa dadi adhem. Lha coba wae dirungokake... Cak Lonthong... Butet Kertaredjasa... Sudjiwa Tedjo... para seniman kae yen ngomong gawe ger-geran, nanging isine kritik kang landhepe ngungkuli silet (sinaosa ya ana uga, komedian sing diprakarakake hukum amarga kebablasen anggone ndhagel). Mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara. Ngadhepi mangsa ketiga kang panas iki, sing penting ora usah emosi... sing tenang... sing sabar... digawe santai... lan aja lali sarapan.

Komentar

Posting Komentar