UTANG


 

Kabeh uwong iku mesthi duwe utang. Utange iku ana sing bisa dibayar, ana sing ora bisa disaur.  Yen sing diutang kuwi dhuwit utawa barang, ya mesthi isa disaur anggere pancen duwe niyat nyaur. Ning yen sing diutang kuwi kabecikan utawa budi, nah durung mesthi isa disaur.

 

Apamaneh, wong utang budi utawa kabecikan kuwi isa klakon ora disengaja. Tegese ora sengaja utang, ning nyatane utang. Contone, wong kang lagi lelungan numpak sepedha, ndilalah bane sepedha kuwi nggembos, gek adoh bengkel tambal ban. La kok neng cedhak kono ana wong sing isa nambal ban. Wong mau trus nulungi nambal ban sing bocor kuwi. Wong sing nulungi kuwi ya ora gelem diopahi. Ujare: "tiyang gesang niku mpun samidene tulung-tinulung. Saniki kula nulungi njenengan, liya dina kula njenengan tulungi utawi ditulungi tiyang sanes. Nggih ngoten niku sing namine gesang sesarengan."

 

Wong utang budi utawa kabecikan kuwi pancen ora bisa nyaur nganti lunas. Isane ya tansah nicil sajege urip.

 

Sapa wae sing saiki dadi warga negara Republik Indonesia iki utang kabecikan marang para pahlawan, kang biyen berjuang ngetohke nyawa, raga, bandha, lsp. Sajege urip ora bakal bisa nyaur utang mau nganti lunas. Isane ya tansah gawe kabecikan marang bangsa lan negara Indonesia iki. La nek ora sengaja apamaneh pancen sengaja gawe rusake bangsa lan negara, kaya to, ngrusak alas, ngrusak alam Indonesia, korupsi, lsp, kuwi ateges gawe utang anyar. La sing utang lawas wae durung disaur kok malah gawe utang anyar. Kuwi tegese kebangeten. Mathuke wong kang mengkono kuwi dikalungi watu trus dicemplungke neng segara kana.

 

Sapa wae sing isih urip kuwi utang kabecikan marang Gusti Allah. La piye, tansah diberkahi mula tetep urip. Yen ngrumangsani utang marang Gusti Allah, lan ngrumangsani yen ora bakal bisa nyaur utang mau, kudune mung tansah gawe kabecikan. Ya mung gawe kabecikan kuwi sing isa kanggo nicil sithik-sithik banget utange mau. Gawe kabecikan marang pepadha menungsa, gawe kabecikan marang titah liyane dadia kewan, tetanduran, malah alam kabeh iki. Contone, ora gawe reged lan rusake banyu, hawa, watu, temah, lsp.

 

Wong kang rumangsa duwe utang kabecikan lan ora bisa nyaur utang kuwi mesthi gelem toh apa wae, kanggo nglabuhi kang ngutangi mau.  Sapa to, sing ora utang marang hawa wong nyatane dha ambegan. Jajal yen hawane reged rak ya ngrekasa ambegan to. Mula kudu wani nglabuhi supaya hawa aja nganti reged. Sapa wing ora utang marang banyu? La wong nyatane ngombe, adus, umbah-umbah, lsp. La yen banyune reged rak ya mesthi ora bisa diombe to. Mula banyu ya kudu dijaga supaya tansah resik lan sehat. Sapa sing ora utang marang lemah? Kabeh sing dipangan kuwi asale saka lemah to. La nek lemahe reged lan rusak, kebak plastik contone, ya mesthi ora bisa ditanduri. Mula kudu wani nglabuhi lemah supaya tansah resik lan sehat.

 

Nadyan mung tumindak prasaja, nanging wani nglabuhi sing dianggep ngutangi kabecikan kuwi tumindak luhur tenan. Ana wong wadon kang milih nunggoni kuburan mangka wayahe wis wiwit bengi, jalaran sing dikubur kuwi wong kang dianggep ngutangi kabecikan sing ora isa disaur babar pisan. Esuke isih umun-umun wong wadon kuwi wing mangkat nyang kuburan maneh nggawa anggi-anggi, sebab rumangsa toh apa wae dheweke tetep ora bisa nyaur utang kabecikan kang wis ditandukake marang dheweke.


Komentar