Pesta Demokrasi???
Pemilihan Umum kok diarani “pesta demokrasi”? Sing pesta
sapa? Rakyat? Pejabat? Maling???
Pancen gagasan nggambarake Pemilu pinangka “pesta”
kuwi apik. Ing sajeroning pesta kabeh padha bungah-bungah. Rakyat bisa milih
calon sing dadi jagone kalawan mardhika. Lha nanging kasunyatane, Pemilu malah
kerep ndadekake geger lan horeg. Kahanan sing maune ayem tentrem kebak katresnan dadi nggegirisi lan padha memungsuhan.
Bapak ibu anak, sing tunggal saomah wae nalika beda pilihan, njalari kahanan omah ora tentrem. Nalika pra Pemilu, mangsa kampanye, akeh pawarta sing isine
ngelek-elek calon liyane. Nalika dina Pemilu, akeh sing urik-urikan golek
suwara sarana ngalalke kabeh cara. Nalika paska Pemilu, proses
itung-itungan padha ribut dhewe-dhewe. Sing menang gumunggung ngasorake sing
kalah, lan sing kalah ora trima nganggep kuwi kamenangan kang ora sah. Kahanane
negara kayadene perang. Pedhang, tombak, panah, diasah... bengak-bengok ing
saurute dalan kalawan prisnsip “pokoke jagoku kudu menang!!” Pemilu kuwi
ndadekake wong-wong pinter dadi edan, wong-wong sugih dadi gemblung. Amarga iming-iming
kuwasa, nganti padha dibelani mblenjani osiking atine dhewe. Apa kaya
ngene iki sing diarani “pesta”?
Kabeh kuwi bisa dadi “pesta” menawa....
- Nalika kampanye ora usah ngelek-elek calon liyane. Wis diumbar wae saakeh-akehe apa ta sing dadi prestasi/keluwihane calon sing dijago. Perkara calon liyane duwe kekurangan, ora usah dikandhak-kandhakake. Yen bisa malah melu ngapik-apik calon liyane... Rak ya kaya mangkono kuwi sing diwulangake Gusti?
- Yen ana amplop isine dhuwit, ditampa wae amplope ning aja dipilih calone. Anggep wae kuwi “uang transport” nyoblos.
- Nalika itung-itungan nuju keputusan sapa calon sing menang lan sapa sing kalah, ditampa wae apa anane. Sing menang ora usah umuk, sing kalah ora usah ngamuk. Yen kepingin ngamuk, enggal-enggal bali wae. Tenagane sing linuwih amarga emosi kuwi disalurake kanggo nyapu, ngepel, asah-asah piring, lan umbah-umbah. Dadi ngamuke ana hasile sing positif, omahe dadi resik.
Wis, ngono wae... Kabeh kuwi gumantung karo awake dhewe arep
lumebu ing “pesta demokrasi” utawa malah dadi “panistha demokrasi”.
(gambare dijupuk saka https://indonesiadailynews.co/read/lsm-banten-serukan-slogan-pemilu-milik-kita/)
Komentar
Posting Komentar