Ngglèlèng
Nitih
sepédha motor modifikasi Chooper, Pakdhé Jokowi touring ndlajahi dalan-dalan kutha Sukabumi. Lagi anget-angeté film
Dilan, lha kok pak Présidèn dumadakan mijil mémba-mémba Dilan jangkep ngagem
ageman jakèt jins, celana jins, helm bukaan, lan sepatu kèts. Gaul temenan!
Crita
Pakdhé Jokowi sing ngglèlèng pancen wus kondhang tekan ngendi-endi. Yèn ora ngglèlèng,
kuwi dudu Pakdhé Jokowi jenengé. Ngglèlèng kuwi mbédani dhéwé karo liyané.
Nylenèh. Ora ing salumrahè wong. Sing mbédani ora mung bab apa sing disandhang waé,
nanging apa sing dadi pamikirané kang kalésan saka muna-muni lan tindak-tanduké.
Pakdhe Jokowi ngglèlèng meksa utang dhuwit sing akèh kanggo mbangun sarana
prasarana ing daerah luar Jawa. Iki pancèn ngglèlèngé pol-polan! Utang wis akèh
kok isih ditambahi manèh? Nanging utangé iki ora mung waton utang. Utangé iki
nganggo pétung kang memet. Utangé kanggo mbangun sarana-prasarana ing luar
Jawa, supaya perékonomian masrayakat ing luar Jawa bisa maju. Bésuk yen wis
padha maju, banjur bisa wiwit nyicil utang sing wis numpuk. Iki mbutuhaké wektu
kang suwé. Ora mung sak période utawa rong période wae, nanging bisa nganti
puluhan tahun. Mulané apa sing ditindakake Pakdhé Jokowi iki pancèn ngglèlèng
temenan!
Wong ngglèlèng
kuwi butuh kekendelan. Kendel nglawan tatanan sing wis mapan. Wong ngglèlèng
kuwi disengiti déning wong-wong kang seneng bab kang mapan. Apa sing wis mapan
kuwi pancen kala mangsane kepenak, nanging kala mangsane kudu diowahi nalika
wis ora kabeneran.
Ndhisik jamané
réformasi gréja, ana tokoh-tokoh kang ngglèlèng, ndobrak tradisi gréja sing wis
kebacut mapan kawengku kepentingan-kepentingan politik. Tokoh-tokoh sing ngglèlèng
mau banjur gawé gerakan anyar sing dadi cikal bakalé gréja Protèstan. Lha
nalika gréja-gréja Protéstan saiki wis wiwit mapan, iki kudu digajul supaya
gumrégah. Apa sing mapan kuwi yen kesuwèn njalari karusakan. Mulané gréja-gréja Réformasi, wis
wanciné kudu diréformasi manèh supaya ora rusak. Dibutuhaké wong-wong sing ngglèlèng
supaya bisa ndandani pérangan-pérangan sing kudu didandani. Lha mulané, aja
mung anut grubyuk waé… Yen arep ngglèlèng aja mung bab sandhangan sing kétok bédha lan nylenèh.
Nanging ya kudu dibarengi pamikiran kang kritis lan kekendelan nglawan arus.
gambar kajupuk sapa Instagram @seftira_hanggara
Kapan yo Pakdhé ngglèlèng numpak RXZ? Hahaha
BalasHapus