Lakuning Tatu Tumuju


Saben tatu mesthi ninggalaké tilas. Nanging, ora kabéh tatu ninggalaké tilas kang kasat mata. Liré, ana tatu kang ora kasat mripat. Hana tatu kang kangélan menawa dadi ukara. Durung manèh, sanajanta tatu kuwi bisa dadi ukara, durung temtu wong liya bisa pana. Tegesé kasdu migatèkaké kanthi penuh kawigatén, gelem mélu nyurasa kanthi kebak rasa pangrasa.

Tatu, kaya-kaya ngandhegaké urip. Ndadèkaké kang nandhang tatu urip hana ing wewayanganing kahanan kang wus kawuri, kang njalari ora kuwawa mecaki urip ing dina iki utawa ing dina sésuké. Tatu iku mapan ing teleng jiwaning manungsa, nggepok pérangan kang paling inti saka uripé, yakuwi kang ingaran 'eksistensi'. Tatu kang kaya mangkéné iki sinebut 'trauma'. 

Trauma kuwi akéh jalarané. Siji kang mesthi, angél tambané. Mulané ayo ngetutaké lakuning tatu tumuju pangrantu. Arané lelaku mono, mesthi mbutuhaké sakéhé kesabaran, katresnan, lan kawigatosan. 

Kena apa lumaku tumuju pangrantu kanggoné tatu dadi penting? Amarga ing pangrantu, Roh Suci kepareng kèndel. Sejatiné, papan pangrantu iki ora hana liya kejaba papan kang hana ing antaraning Jemuwah Agung lan Minggu Paskah. Bener, Setu Wening kang suci! The Middle Space!



Komentar

  1. Lumebu ing pangrantu kuwi butuh kesabaran. Emane, laku sabar kuwi wus sansaya langka.

    BalasHapus

Posting Komentar