KAKENDELAN


Kanyatan iku, wujude apa wae, kudu ditampa lan diadhepi, aja ditampik, disingkiri utawa ditinggal dhelik. Yen kanyatan kuwi ditampik, disingkiri utawa ditinggal ndhelik isa klakon malah nambahi momotan, nanging yen ditampani lan didhepi nadyan abot dikaya ngapa tetep isa disangga.

 

Ana sagolongane wong kang dianggep sesat, nyleweng saka agama kang dianut dening mayoritas. Mula dening mayoritas kuwi kang dianggep sesat, nyleweng kuwi diancam. Wedi awit diancam golongane wong kang dianggep sesat, nyleweng kuwi mau ndhelik neng njero omah banjur lawange padha dikuci rapet. Tumidake mengkono iku tumindak kang bodho banget. Rumangsane yen ditinggal ndhelik mayoritas sing ngancam kuwi mau wis ilang. Mangka sajatine ora ilang babar pisan. Ancamane tetep isih ana, yaiku ing sajabaning omah kang dikunci rapet kuwi mau.

 

Ora let suwe, sagolongane wong kang dianggep sesat, nyleweng kuwi mau sadhar. Sanadyan ndhelik nanging ancaman ora ilang. Mula banjur wani nampa lan ngadhepi kanyatan, yaiku anane ancaman saka mayoritas. Sagolongane wong mau wani metu saka pandhelikan, urip ngegla, lan ancaman diadhepi kanthi tatag. Pancen ana ing antarane wong-wong iku kang banjur dipilara, dikaniaya, malah ana sing dipateni. Nanging saiki sagolongane wong kuwi mau wis ora wedi maneh. Kanyatan, yaiku anane ancaman ditampa lan diadhepi. Pilara, kaniaya malah ngantia tumekaning pati diadhepi kanthi gagah perwira.

 

Sagolongane wong iku mau duwe kakendelan. Mula rasa was, sumelang, kuwatir lan wedi ilang kabeh. Kang ana mung rasa kendel, wani. Saka ngendi asale rasa kendel lan wani iku? Jebule asale saka ati kang tentrem.

 

Wong kuwi yen ati tentrem, ya tansah tentrem. Sehat atine tentrem, lara atine tetep tentrem. Ana bebaya atine tetep tentrem. Nandhang sangsara atine ya tentrem, tumekaning pati atine ya tetep tentrem.  Wong yen atine tentrem, arep ngarah apa maneh to neng donya iki.


Komentar