Bèngkèl sing butuh bèngkèl
Rong dina
iki ana latihan nulis nèng Sinode GKJ kanggo tim sing ditimbali “makarya”. Tim
sing ditimbali kadhawuhan nulis kanggo bahan ngajar Sekolah Minggu nganti nulis
renungan padinan. Latihan nulis kuwi diarani “bèngkèl”. Bèngkèl kuwi papan
kanggo ndandani kendharaan sing rusak. Lha kenapa kok diarani “bèngkèl”? Ana
ing “bèngkèl” mau, padha ndandakake tulisané sing wis digawé. Yèn ana sing
luput banjur dibeneraké, sing kurang ditambahi, lan sing kaluwihan disuda,
supaya tambah wangun.
Nulis kuwi
jebul ora gampang. Béda karo ngomong. Aku dadi kèlingan swargi Pak Pandhita
Bambang Broto Soedjali naté ngandika, “Dadi Pandhita kuwi sing penting dudu
pinter ngomong, nanging pinter maca karo nulis.” Pancèn dadi kasunyatan sing
mrihatinaké, para Pandhita akèh sing pinter kojah, pinter ngendikan, nanging
nalika diaturi nulis padha bingung. Aku arep nulis apa?? Sing tambah
mrihatinaké manèh, média tulis ing kalangan sinode kanggo pasamuwan umum wis
ora ana. Mbiyèn ana Kayuhanan lan Bahtera sing dadi sarana média andum kawruh
kanggo warga (lan Pandhita) pasamuwan sak sinode GKJ. Nanging saiki média-média
mau wus mati (apa dipatèni?). Sinaosa isih ana buletin adiyuswa, nanging kuwi
mung winates kalangané para sepuh. Mula nalika média-média kuwi mati (utawa
dipatèni?), banjur ana média indie sing asipat mardhika daya lan dana kaya ta hana.web.id
lan buku kumpulan tulisan ing tahbisan Pandhita-pandhita.
Nulis kuwi
kabutuhan sing wigati. Nanging apa iki iya dipenggalih déning para panggedhé
kang lenggah ing Sinode GKJ? Aku ora
ngerti. Nanging yen dakrasak-rasakaké para penulis sing ditimbali “makarya”ing “bengkèl”
kaya-kaya kok ora dipirsani “butuhe”apa. Dana sing winates dadi alesan anggoné
tim penulis “bèngkèl” kepingin ngaturi narasumber. Kepiyé bisané ngudi kawruh,
yén penulis-penulis iki mung didhawuhi nyambut gawé dhéwé tanpa ana sumber
inspirasi? Ya aja gela yen tulisan sing mengko kasil ngono-ngono waé… Monoton...
Mboseni... Pancèn rong dina iki sing dakrasaaké pinangka pérangan saka tim “mung”pindhah
mangan karo turu wae, tanpa ana tambahing ilmu. Bèngkelé penulisan GKJ sajaké butuh didandani. Bèngkèlé butuh dibèngkèlaké supaya tambah wangun. Muga-muga sing ngrasakaké kaya
ngono ya mung aku dhéwé. Lan muga-muga manèh, para panggedhé ya mirsani bab
wigatiné média tulis pinangka wujud komunikasi, èkspresi, lan èksistensiné sinode GKJ ing jagad pramudhita.
Bengkele bisa mlaku apik anggere sing nang bengkel nduweni rasa gelem sinau karo sing oadha-padha mbengkel. Ing sisih liyane, ya gelem ngedum kabisan, kaluwihan karo kanca sibg mbengkel bareng. Ora susah ngeluh bab kurangevsarana lan liya-liyane. Apa sing ana desukuri. Konsentrasi. E...sapa ngerti Gusti Sang Penulis Agung maringi kawelasan. 💛
BalasHapusAku termasuk sing kurang sekabehe. Ngomong ya angger. Nulis ora isa. Maca nek dawa-dawa, ya wegah. 😊
BalasHapusMatur nuwun sampun nulis.
BalasHapus