Wutuh kukuhing brayat

Ketoke mung sepele, yaiku kabeh warganing brayat, dadia bapak, ibu lan anak-anak sing gedhe apadene sing cilik malah isih bayi, tansah bebarengan. Mangan ya bareng, ngibadah ya bareng. Sanadyan ketoke mung prasaja, nanging angel ditindakake. Luwih-luwih tumraping wong-wong kang manggon ing kutha, kang wis kulina sibuk, repot, akeh urusane, lsp. Apamaneh saiki ana hp, la trus dha kulina dolanan hp dhewe. Isih lumayan wong-wong kang manggon ing padesan, kang ora rumangsa akeh urusane, ora sibuk, repot iki lan kuwi, lsp. mula isih akeh brayat ndesa kang tansah bebarengan sa-brayat. Ngibadah neng greja padha mangkat bareng, lungguh jejer dadi salarik, mulihe ya bareng. Yen mlaku padha gandheng-gandhengan. Yen nyepedha utawa nyepedha motor padha bonceng-boncengan. Kaya kacetha ing potrek iku, kabeh warganing brayat tuwa, enom, bocah, bayi, lanang, wedok, gedhe, cilik, kabeh padha bebarengan melu ing acara panyurasa kitab suci.

Sanadyan ketoke mung sepele, nanging sajatine tumindak mangkono iku gedhe banget paedahe. Ing antarane, yaiku wong sabrayat kang tansah bebarengan kuwi saya nguwatake talining katresnan. Yen dha mangan bareng, contone, siji lan sijine bisa namatake apa ana kang ora pati doyan mangan. Yen weruh ana warganing brayat kang ora doyan mangan, banjur ditakoni apa sebabe, apa lara, ana lagi susah, apa lagi mikir abot, lsp. Dadi enggal isa ditulungi dening warganing brayat iku. Ringkese brayat kang tansah bebarengan iku isa padha dene nggatekake. La nek warganing brayat padha dene nggateke mesti talining katresnan saya kuwat, temah ora gampang rengka apamaneh nganti pedhot.

Saiki saya akeh brayat kang bubrah, padha pedhot talining katresnan, pegatan. La brayat Kristiani kuwi kudune ora pegatan to? Nyatane akeh brayat kang biyen nalika dadi manten diberkahi, jebul saiki pegatan. Kuwi jalaran talining katresnan pedhot. Dene pedhoting talining katresnan mono ora mesthi jalaran ana godhane wong liya, pihak ke-tiga. Nanging isa kelakon jalaran talining katresnan mau ora pati diopeni. Wong bebrayatan ning sibuk dhewe-dhewe, contone, ya mesthi wae talining katresnan saya suwe saya kendho lan pungkasane pedhot. La wong dhek jaman pacaran wae angger ora kerep diapeli suwe-suwe sesambungane saya kendho lan isa klakon sidane pedhot kok. Mula sanadyan sibuk kaya ngapa, becike kabeh warganing brayat padha duwe janji ing wanci tertemtu kabeh padha bareng, ninggalake kesibukane dhewe-dhewe. Wektu paling apik, ya kanggo mangan bareng ing wayah sore utawa bengi. Ibu njupuke sega lan lawuhe banjur diulungake marang bapak, sabanjure marang anak, lsp. woouwww ngono kuwi ketoke mung sepele lan prasaja ning gedhe lo paedahe.

Saiki, akeh anak kang ora raket karo wong tuwane, nanging raket karo kancane. Yen kancane pakulinan lan tumindake  ora becik, mesthi wae anak mau gampang ketularan. Wong tuwa kaget dene anake kena narkoba, sebab kena pengaruhe kancane. Mula sanadyan kabeh dha duwe hp nanging aja mung ketungkul dolanan hp wae. Becike hp-ne diselehke trus rerangkulan karo ibu, rerangkula karo bapak, rembugan utawa omong-omongan, crita-critanan. Tumindak sepele lan prasaja ngene iki maedahi kanggo nguwatke talining katresnan. Ora ngandel? Jajalen to.


Komentar