WIRAMA


Sabarang kalir kang nuwuhake uni jalaran pancen diunekake dadia srana dithuthuk, ditabuh,  dijawil, utawa disebul, lsp iku unine isa ditata temah ana wiramane. Unen-unen kang dithuthuk kuwi kaya ta gamelan, kenthongan, lsp. Kang diunekake srana ditabuh kaya ta bedhug, kendhang, lsp. Unen-unen sing dijawil kaya ta, gitar, ukulele, lsp. Unen-unen sing disebul kaya ta suling, trompet, lsp. Kabeh mau bisa nuwuhaken swara lan yen swara kuwi ditata dadi wirama.  
Wirama iku bisa mrabawani osiking ati lan jiwa. Mula ana crita, nalika sang raja ati lan jiwane ora jenjem, gampang muntab dukane, banjur abdine sang raja mau munjuk atur pamrayoga supaya ana sing asung panglipur srana ngunekake clempung. Sang raja nganggep prayoga atur iku mula banjur abdi mau ngundang bocah enom sing pinter dolanan clempung. Ati lan jiwane sang raja kalipur. Saben-saben arep muntab dukane, banjur bocah enom mau sowan ngunekaken clempung, sang raja banjur jenjem ing ati lan jiwane.
Wong isa gawe utawa nyipta wirama ijen utawa dhewekan, kaya ta wong nyuling, nggitar, ngrebab, lsp. Uga bisa bebarengan, kaya ta, band. Wong nge-band kuwi saora-orane wong 4 utawa 5 cacahe sing padha nyipta utawa gawe wirama. Wonge isa luwih akeh maneh yen nyipta utawa gawe wirama nganggo gamelan. Para wong kang bebarengan nyipta wirama srana gamelan kuwi disebut niyaga, cacahe isa kliwat 10. Sanadyan uwonge akeh, nanging jalaran  anggone nabuh gamelan kanthi laras, mula nuwuhaken wirama kang prayoga temah bisa mrabawani ati lan jiwa.  Salah sijine conto, gedhing sregep. Gendhing iki isa ditindakake  salumrahe. Cara wong mlaku kuwi satitahe. Gamelane ditabuh lumrah. Ning ya isa digawe santak. Gamelane ditabuh cepet lan banter. Cara wong mlaku wirama iki mlayu. Swasana ati lan jiwa kang kebangun ya sigrak, wani. Yen digawe wirama sirep, cara wong mlaku dadi thimik-thimik, sasat jangkahe dieting. Swasana ati lan jiwa kang kebangun dadi luruh, sareh kaya-kaya tintrim.
Kaya dene wirama, urip bebarengan iku kudune ya sarwa laras. Wong urip bareng neng RT, contone, yen tanpa wirama, mesthi kahanane sarwa kisruh lan marai nggrantes. Kosok baline yen kabeh sarwa laras, cetha wiramane, urip bareng iku nyenengake, marai ati tentrem lan urip ayem. Wong urip bareng kuwi pancen ora padha, nanging beda-beda. Nanging sing beda kuwi ora kudu slenthakan. Contone tangan tengen lan kiwa kuwi ya beda, ning ora slenthakan malah kepara padha nyambut gawe bareng. Yen pas mlaku, lembeyan, tangan tengen mengarep sing kiwa memburi, yen sing kiwa mengarep sing tengen memburi. Srana mengkono jangkahe dadi satimbang, lakune jejeg.
Iya mengkono uga urip bebarengan minangka bangsa lan negara. Ana sing disebut oposisi, tegese lawan. Ning mbok ya lawan kuwi ora mung waton mungsuhan, waton sesulayan. Kaya tangan kiwa lan tengen yen pas lembeyan, oposisi kuwi kudune rak dadi lawan sing njalari satimbang. Yen mung waton sesulayan, waton mungsuhan, mesthi ora satimbang, temah lakune bangsa lan negara iki tansah keganggu. La banjur kapan majune.


Ki Atma

(gambar dari google)

Komentar