Widji kang mati (ilang) lan Thukul
Khotbah Minggu iki mau nyaritaaké pasemoné Gusti Yésus bab
wiji kang kudu mati kapendhem temah nuwuhaké wit kang anyar. Aku dadi kèlingan sawijining
penyair kang nama Widji Thukul. Sakjané jeneng asliné Widji Widodo, nanging
dikenal lumantar jeneng Widji Thukul. Widji Thukul pinangka aktifis kang kerep
nggelar demo lumantar maca puisi. Apa kang katulis ing sajeroning puisi-puisiné
Widji Thukul ngemu makna perlawanan kanggo pamerintah orde baru rikala samana. Thukul
bebarengan aktivis mahasiswa ing tahun 1998 nganaake unjuk rasa gedhèn kanggo
nglèngsèrké pamerintah orde baru. Amarga aksi unjuk rasa rikala samana, Thukul
dadi buron lan ilang pasca kerusuhan Mei 98. Ora ana sing ngerti kepiye
kahanané Thukul nganti tekan dina iki.
Ilange Widji Thukul pancen mrihatinaké. Nanging lumantar
pangurbanané, semangat réformasi dadi manjila. Puisiné Thukul nggugah semangaté
para mahasiswa lan bisa nggolingaké rèzim orde baru kang wus ngoyot ing NKRI
rikala samana. Widji Thukul ora wedi getih! Ing film Istirahatlah Kata-kata,
kagambaraké kepiyé uripé Widji Thukul nalika dadi buron. Widji Thukul
didhelikaké ana ing pinggiring kali Kapuas. Nalika kepingin bali neng Solo
nginguk Sipon, bojoné, jebul omahé wis dijaga dening polisi.
Wiji kuwi pancèn kudu kapendhem lan mati supaya bisa nuwuhaké
trubusan. Widji Thukul wani toh nyawa nalika mbudidaya nglawan kajuliganing
pamerintah. Wani mati supaya bangsané bisa urip.
iki salah sijining syair kang katulis dening Widji Thukul.
ISTIRAHATLAH KATA-KATA
istirahatlah kata-kata
jangan menyembur-nyembur
orang-orang bisu
kembalilah ke dalam rahim
segala tangis dan kebusukan
dalam sunyi yang mengiris
tempat orang-orang mengingkari
menahan ucapannya sendiri
tidurlah kata-kata
kita bangkit nanti
menghimpun tuntutan-tuntutan
yang miskin papa dan dihancurkan
nanti kita akan mengucapkan
bersama tindakan
bikin perhitungan
tak bisa lagi ditahan-tahan
solo, sorogenen,
12 agustus 1988
ini wangun tenan!
BalasHapus