Wahyu Makutharama
Bengi iki lakon Wahyu Makutharama kagelar sarana siaran
radio. Lakon iki nyaritaake bab Wahyu Makutharama kang direbutake Karna,
utusane Duryudana lan Janaka. Duryudana ngimpi bab suwara kang mbabar warta,
sapa kang bisa oleh Wahyu Makutharama, bakal dadi raja kang agung! Duryudana
banjur kongkonan Karna supaya nggoleki ana ing ngendi Wahyu Makutharama kuwi
dumunung lan ngrebut supaya dadi duweke.
Kacarita, ana sawijining Begawan kang asma Kesawasidi ing
gunung Kutarunggu. Begawan Kesawasidi iku kang nduweni Wahyu Makutharama. Karna
lan wadya balane banjur ngluruk gunung Kutarunggu, ngrebut Wahyu Makutharama
saka tangane Begawan Kesawasidi. Nanging ing padhepokan kono ana Hanoman kang
njaga Begawan Kesawasdi. Hanoman kalawan kakuwatane bisa ngalahake Karna. Let sawetara
wektu, teka Janaka ing gunung Kutarunggu saperlu njaluk Wahyu Makutharama saka
tangane begawan Kesawasidi. Beda karo Karna, Janaka ora gelem nganggo
kekerasan. Nalika didhawuhi nunggu ing sanjabaning padhepokan, Janaka sendika
dhawuh. Kesabaraning Janaka kuwi sing njalari Begawan Kesawasidi kasengsem. Mula
Begawan Kesawasidi dadi yakin yen Wahyu Makutharama banjur kapasrahake Janaka. Jebul
Wahyu Makutharama kuwi dudu gaman kang bisa katon mata. Wahyu Makutharama kuwi
piwulang sing isine Asta Brata. Janaka kang nampa Wahyu Makutharama bakale dadi
satriya wicaksana lan raja kang agung. Karna bali ora oleh apa-apa. Duryudana
sangsaya nepsu lan panas atine.
Yen dirasak-rasakake, lelakon iki kok ya memper karo kahanan
politik ing bangsa Indonesia. Ana sing kepingin dadi raja lumantar cara-cara
kekerasan. Ngluruk rana-rene, demo kana-kene, sithik-sithik nepsu, sithik-sithik
ngejak padu.... kaya grup Kurawa. Nanging ana uga kang kepingin dadi raja
nganggo cara kang alus. Sabar... Ora seneng padu (ora ateges ora bisa padu)
kaya grup Pandawa. Lha sing direbutake kuwi Wahyu Makutharama! Iki dudu bab
kang bisa maremake hawa nepsu. Iki piwulang kepiye dadi pemimpin kang wicaksana. Mulane pancen
prayoga yen Wahyu Makutharama kaparingake marang wong kang bener-bener duwe
niat luhur mimpin bangsa. Mulane suk mben aja salah pilih! Wahyu Makutharama
kudu kaparingake marang wong kang sabar, ora gampang nepsu, wicaksana, lan
tulus budine. Kira-kira sapa ya??
Komentar
Posting Komentar