tanggal tuwek
Akeh sing kandha tanggal tuwek kuwi rekasa. Dhuwit blanjane
wis entek, butuhe isih akeh. Akeh sing padha sambat... malah akeh sing padha
golek utangan.
Sakjane kabeh kuwi gumantung karo awake dhewe bisa nata
berkahe Gusti apa ora. Yusuf neng nagara Mesir, mratelakake impene Sang Prengon
yen pitung tahun suwene bakal ana panen gedhen. Nanging pitung tahun sauwise uga bakal ana paceklik gedhen. Mula Yusuf kadhapuk nata berkahe Gusti supaya bisa
cukup nalika wektune mangsa paceklik. Nalika panen gedhe, gandume ora dientekke,
nanging njupuk sacukupe wae banjur dicelengi kanggo cadhangan pangan pas mangsa
paceklik.
Lha nalika nampa blanja, akeh uwong sing keblinger blanja. Pas
tanggal enom madhange panganan sing larang-larang, blanja kambi neng mall,
nonton film, tuku perkakas-perkakas sing ora patia cetha... Banjur mlebu
tanggal tuwek sambat ra duwe dhuwit. Kabeh kuwi pancen kudu ditata supaya
prayoga. Tanggal tuwek kopiku entek, ya trima ngeteh wae ra papa.... sing penting
bisa disruput.
Komentar
Posting Komentar