susure mbah mangun

cilikanku biyen dimong dening rewang sing asmane mbah mangun. wiwit aku umur rong taun nganti adhi-adhiku lulus SMP, mbah mangun isih ngemong nganti sak sedane.
saelingku, mbah mangun iku meh saben dina ora lali nyusur. tradisi asli masyarakat austronesia sing nganti seprene isih dilakoni dening sawatara sedulur ing alor, sumba, flores, timor, bali lan liya liyane.
susur sing isih enak, ora dibuwang nanging kadang disimpen ana pojokan amben, paga, lan uga malah neng cedhak jedhing barang.
nggumune, mbah mangun tetep kelingan neng endi olehe nyelehke susur mau. hambok lampu mati oglangan peteng ndhedhet, tetep bisa nemokke susure.
simbah sing wis mataun-taun ndherek mau apal banget papan dununge barang-barang omah. lokasine barang-barang omah mau wis nemplek lan dadi mental map, manunggal karo sarirane.
kanggone wong sing wis bisa manunggal karo papan dununge iku mau sinebut wis dunung, mapan, dwell.
mula priyayi sepuh sing wis mataun-taun lenggah ana papan tertentu angel banget disuwun pindhah. ana warganing pasamuwan adiyuswa sing malah kagungan bangku khusus sing mesthi dilenggahi kala ndherek ibadah neng greja.
iku mau jalaran sarirane karo papane kuwi wis nyawiji.
[mbokmanawa iku sebabe para winasis padha paring pepeling: ".. manawa wis separo abad aywa kongsi binabad."
iku ature ki rangga warsita, pujangga agung ing kraton surakarta.]

ing kabudayan romawi, papan sing wis ana "sing kagungan" mau diarani papan sing wis kanggonan genius loci, utawa rohing papan mau. neng basa jawa mbok menawa padha karo tembung baureksa: kekuatan sing ngreksa utawa njaga.
papan mau banjur sinengker, digawe istimewa, lan malah dibangun papan pamujan kanggo ngurmati roh, spirit, kekuatan sing mapan ana kono mau.
miwiti mbangun papan pamujan, kudune ya diwiwiti saka niteni titik-titik sing sinengker, istimewa, khusus kaya mau.
papan pamujan iku bisa diumpamakake badan wadage pasamuwan sing nyawiji. sing duwe identitas, karakter, spirit, roh. ora kaya gedhong bioskop sing penontone teka lunga tanpa kenal siji lan sijine.
mbah mangun apal banget neng endi ndeleh susure. sebab papan mau wis dikuwasani, sinengker, padha karo sarirane.
yen ana sing wani mbuwang susure... harak padha karo nantang prakara gawe opyake...

Komentar