ora nyandhak
![]() |
gambar saka internet |
Para sakabate Gusti Yesus wiwitane ora nyandhak marang
prakara nitih kuldi lan wong akeh nggawa godhong wit palem. Iki ana apa? Iki tegese
apa? Dadine ing satengahing wong akeh padha sora Hosiana Hosiana.... mapag
rawuhe Sang Kristus, para sakabat iki mung ndomblong. Ora dhong. Ora nyandhak. Iki
padha ngapa ta?
Bareng sawuse Sang Kristus kaluhurake kalawan suara sora
Hosiana lan godhong palem, para sakabat nembe padha kelingan. “Oalah... jebul
iki ta kang sinerat ing kitab Zakaria... Jebul sing dimaksud kuwi ya iki mau...”
Para murid banjur lega. Apa kang dadi pitakonane wis kawangsulan. Saiki para murid
wis nyandhak apa kang kakersaake dening Sang Kristus bab Ratune manungsa kang
rawuh nitih kuldi.
Nanging ing liya dina, para sakabat ora nyandhak maneh ing
bab liyane. Mrentul pitakonan anyar kang durung ketemu wangsulane.
Kawruh kuwi pancen kawiwitan saka rasa durung ngerti. Durung
nyandhak. Rasa durung ngerti kuwi bakal mrentulake pitakonan. Kenapa kok ngene?
Kenapa kok ngono? Lumantar pitakonan, manungsa bakal mikir. Kaya dene filsuf
Descartes kang nelakake cogito ergo sum. Aku mikir, kang njalari aku ana. Para sakabate
Gusti Yesus nalika ora nyandhak, banjur mikir. Kuwi kang njalari para murid
bisa mangerti kersane Gusti.
Khotbah/renungan/tulisan sing apik kuwi, dudu sing bisa
ndadekake ngguyu sapa sing ngrungokake utawa maca. Nanging sing bisa
ngajak mikir. Dikhotbahi bab kang lucu, pancen nyenengake nanging bali
ibadah langsung lali khotbahe apa. Nanging khotbah kang ngajak mikir kuwi awet,
amarga dieling-eling terus.... dirasak-rasakake... ditimbang-timbang... (sinaosa ra patia lucu) Pancen
bener, aku mikir, kuwi kang njalari aku ana.
Komentar
Posting Komentar