nyoto
Soto kuwi olahan kang jinise maneka warna. Meh saben kutha
(mirunggane ing Indonesia bagian Wetan), duwe olahan soto sing khas lan beda
karo daerah liyane. Kaya ta soto Sokaraja kuwi ana bumbu kacang lan irisan
lontonge, beda karo soto Solo sing bening lan nganggo sega. Beda daerah, beda wujud lan
rasane.
Miturut Denys Lombard ing buku Nusa Jawa (jilid loro), soto
kuwi mula bukane saka China kang jenenge asline caudo.
Soto wiwit dikenal ing Indonesia abad 19 ing kutha Semarang. Caudo kuwi tegese jeroan nganggo bumbu
(rempah). Ora dicaritaake kepiye caudo iki mau dikenal lan dadi panganan sing
disenengi dening wong Indonesia. Pancen akeh olahan negeri China kang ditampa
dening wong Jawa lan dadi panganan favorit, kaya ta bakmi, bakpao, tahu, capcay,
lsp.
Sejarahe soto iki sakjane menarik. Apa kang saka negeri
China, ditampa lan dilaraske karo ilate wong kene. Jenenge diganti dadi soto
utawa coto utawa saoto. Indonesia banget! Isine dilaraske karo ilate
dhewe-dhewe. Sing neng Kudus, marga ora mangan sapi, banjur diganti iwak kebo. Sing
neng Solo amarga wonge alus, banjur duduhe digawe bening. Sing neng Purwokerto,
marga wonge ladak, banjur ditambahi bumbu kacang. Lan sapiturute. Kena apa kok
kudu dilaras karo ilate saben daerah? Ya supaya bisa ditampa. Yen dipeksa
nganggo jeneng coudo lan rasane kaya
olahan saka negri China, ora bakal payu!
Lha iki rak kaya agama ta? Agamane awake dhewe ki produk
saka manca... produk Arab, produk Yahudi, produk India... Supaya agama ki bisa
ditampa, gelem ora gelem ya kudu dilaraske karo budhaya saben daerah. Budhaya lokal
kuwi aja dimusuhi nanging dirangkul. Aja lumantar agama, awake dhewe malah dadi
kaya wong manca. Awake dhewe tetep wong Nusantara, nanging nindakake katresnan
piwulang saka agama. Ngagama aja malah ndadekake regejegan. Sing ora ngene
dianggep kapir... Sing ora ngono dianggep nasar... Sing penting, ngagama kuwi
bisa njalari seger... Kaya mangan soto,bisa ndadekake sueger... kumepyar....
padhang... sruput sik, lik.... gerrr tenan!!
Josss....dadi ngerti nek soto ki beda2...
BalasHapuswanagiri terkenale bakso, dudu soto...
HapusWangun...
BalasHapusgek ndang nulis neh... :)
Hapus