ngwijiki sikil
Apa tumon? Sang Guru kersa njamah lan ngwijiki perangan
badan kang paling reged saka para murid, yaiku sikil! Iki pratandha apa? Iki simbol
apa? Apa kang katidakake Sang Guru ing gesange rikala semana, akeh sing ngemu
pratandha. Pratandha kuwi menawa katafsir maknane, bisa ateges protes, kritik,
piwulang, lan sapiturute. Lha mlebu dina Kemis iki, Gusti Yesus ngwijiki sikile
para murid. Iki simbol kritik Sang Guru tumraping uripe manungsa.
Ngrumat wong sing lara kuwi ora gampang. Ora mung ndulang
lan nyiapke obat, nanging ya kudu gelem nyibini lan ngresiki rereged ing
badane. Durung maneh yen sing lara kuwi “mbuwang” ana ing dipan, wis dadi
tugase sing momong supaya bisa ngawekane kahanan kaya mangkono kuwi supaya bisa
dadi resik maneh. Durung maneh yen larane kuwi ngetokake cairan kayadene
nanah... Mulane wong sing ngrumati wong lara kuwi kudu bisa betah mambu lan
reged. Kudu telaten, sabar, lan sumeleh. Iya kaya mangkono kuwi gegambaran
anggone ngwijiki sikil. Njamah perangan badan kang reged lan mambu. Sikil sing
saben dina ngidak lemah, kena bledug, kena blethok... diwijiki, diresiki nganti
resik. Yen sikile dhewe ora apa-apa. Lha iki sing diwijiki sikile wong liya...
Kudu sabar, telaten, lan sumeleh.
Kaping pindhone, nelakake bab kritik sosial. Rikala semana
guru utawa rabbi kuwi tokoh sing kudu “dipapanake ana ing ndhuwur”. Tegese,
rabbi kuwi drajate beda karo murid. Ora mung kudu diajeni nanging ya kudu
didadekake mirunggan. Iki sing ndadekake para rabbi banjur dadi ngedan jabatan.
Rumangsa paling pinter dhewe banjur kepingine misuwur terus... Lan mbangun
singget antarane rabbi karo murid. Gusti Yesus pinangka Guru kersa mandhap saka
kalenggahane, njamah sikile para murid lan ngwijiki nganti resik! Iki jelas
nyata nglawan adat rikala semana! Ora ilok, guru kok kersa ngwijiki sikile para
murid. Nanging Gusti Yesus pancen rawuh kanggo mbongkar adat kang dadi
sandhungan lan mbangun kawruh (paradigma) anyar. Gusti Yesus mbongkar
pasinggetan antara murid lan Guru. Kala mangsane, Guru mandhap lan ngladeni
muride. Iki bisa sinebut cara ngajar kang “transformatif”.
Apa iya ta uripe wong Kristen kuwi wis tenanan anggone
nresnani lan ngladeni? Aja-aja isih kaya wong-wong Yahudi kuna? Senengane sing
seremonial... Greja ethok-ethoke nganggo prosesi ngwijiki sikil.... ning bar metu greja nggrenengi majelise. Utawa
gawe drama salib-saliban... ning bar kuwi weruh wong keluwen, ethok-ethok ra
ngerti. Mbel gedhes tenanok.....
Wooo apik iki. Transformasi sosial. Ora gur seremonial sing mbèl gèdhèssss...
BalasHapusrabbi vs murid
BalasHapusrabi vs jomlo