Ngaso


Jaman saiki meh saben wong nduweni kesibukan. Sing ditandangi akeh banget. Ora mung perkara gawean padinan, nanging uga bab sesrawungan lan memitran. Menungsa memitran karo menungsa liyane, karo Gusti Allah lan uga karo jagad saisine. Anggone memitran mau, mesthine ya mbutuhake tenaga sing ora cilik lan ora sethithik.

Wong Jawa kuwi umume klebu masyarakat sing uripe seneng srawung lan urip bebarengan. Pramila kerep uga menungsa ngrasakake sayah anggone srawung. Awit srawung kuwi pancen mbutuhake kawigaten sing gedhe. Kayadene nyambut gawe, anggone memitran menungsa ya butuh ngaso, leren sawetara.

Geneya ngaso kuwi wigati? Nalika ngaso, menungsa mandheg lan meneng sawetara. Menungsa ngrasakake mangsa tidhem. Wanci ening. Supaya manungsa uga ora lali bab sesrawungan kang ora kalah wigati, yaiku srawung karo awake dhewe. Srawung karo awake dhewe kuwi penting banget, murih menungsa ora krasa terasing karo awake dhewe.

Dina iki dina Nyepi. Mligi umat Hindu padha ngaso. Nyepi kuwi titi wanci kang ngemu teges werna-werna. Salah sijine ya ngaso. Nalika ngaso kuwi mau, ancas tujuane uga kanggo nucekake bhuana alit (mikrokosmos) lan bhuana agung (makrokosmos). Tumrap wong Jawa, iku rak ya trep karo konsep jagad cilik lan jagad gedhe. Apik ya amrih suci, menungsa lan alam donya butuh ngaso. Nyepi taun 2018 iki kok ya pas dina Setu. Sabtu. Sabat. Dina Sabat tumrap wong Yahudi uga dina kang sinengker kanggo ngaso. Sing ngaso ora mung menungsa, ananging uga sato kewan, tetuwuhan lan alam.

Ngertiku, saiki akeh menungsa sing ngrasakake kesel lan kesuh nalika sesrawungan. Apa maneh, saiki rak ya awake dhewe ngrasakke jaman teknologi informasi sing ngedap-edapi. Menungsa sibuk banget srawung lumantar gawai (gadget) lan media sosial. Menungsa uga isa nampa lan ngirim informasi sing meh saben detik sumebar cepet banget. Kamangka durung mesthi apa sing diwaca utawa ditonton kuwi bab kang wigati kanggo urip. Kepara akeh kiriman sing malah njalari menungsa dadi cecongkrahan. Sesrawungane dadi rusak. Sabarang kang sarwa cepet kuwi uga njalari pikiran lan tumindak kang cethek (kedangkalan). Kuwi ya bab kang mbebayani amarga njalari menungsa kurang reflektif.

Amarga saking akehe srawung, sok-sok dadi lali ngaso. Ngaso atine, galihe, batine. Ing donya kang samubarang lumaku sarwa cepet iki, miturutku kok menungsa butuh ngaso. Ngaso ateges mandheg sawetara supaya menungsa isa ngrasak-rasakake awake dhewe, jagad cilik sing ya kudu ditata temenan. Ning piye carane ngaso sing pener, aku dhewe ya ora ngreti. Wong saben menit ya kepengin dolanan gawai. Nonton kirimane kanca-kancaku ing WA, Telegram, FB, lan Instagram. Aku wedi yen ketinggalan berita. Nek tak rasak-rasakke, apa ya aku butuh nyimak kuwi kabeh? Pranyata ya ora ki.

Lha aku pancen butuh srawung, nganti sok lali yen aku ya butuh ngaso. Aku percaya, yen awakku dhewe isa nata jagad cilik iki, anggonku sesrawungan karo wong liya ya isa luwih prayoga. Anggonku srawung karo alam donya ya isa luwih ngajeni, ora malah ngrusak bumi. Semono uga anggonku srawung karo Gusti Allah ora kakehan nggedebus.

Ha ning piye carane ngaso? Ngaso kok jaman saiki dadi perkara sing angel dilakoni ya? Yungalaaaah....

Komentar

Posting Komentar