Nata Urip
Kabeh sing tumata kuwi bakal dadi asri lan endah. Kepenak
disawang lan bisa medahi. Kosok walike, sing ora tumata kuwi ora kepenak
disawang lan njalari aras-arasen. Pasar sing semrawut tekan dalan pancen kudu
ditata. Dalan kuwi papan kanggo lewat kendaraan, dudu papan kanggo dodolan. Nanging
ora gampang nata lan mernahke, apa maneh yen sing ditata kuwi manungsa. Dicepakake kios-kios supaya tumata, nanging
tetep wae para bakul pilih dodolan neng ndalan. Alesane luwih cedhak karo sing
tuku. Lha yen ngene iki sing perlu ditata ora mung bakule, nanging ya sing tuku
barang.
Purwaning Dumadi bab siji kuwi perangan Kitab Suci sing
nyaritaake bab Gusti Allah kang nitahake lan mranata bumi lan langit. Mula
bukane bumi kuwi campur bawur lan suwung. Campur bawur kuwi kahanan sing durung
tumata. Lemah campur banyu campur hawa campur geni... kabeh campur dadi siji.
Lan suwung kuwi kahanan sing sepi amarga durung ana sing mbahureksa. Campur bawur
perlu ditata lan suwung perlu diisi. Gusti Allah akarya jagad ora dumadakan
langsung dadi. Mbutuhake wektu sing ora sedela. Ndadekake sing maune peteng
dadi padhang, sing campur bawur dipisah, sing durung ana banjur dianakake. Kabeh
kuwi mau pakaryane Gusti anggone nata jagad. Sawuse katata, jagade dadi asri
lan endah. Wiwitane Kitab Suci nelakake bab mranata apa sing kudu ditata. Semana
uga karo bab uripe manungsa uga kudu ditata.
Wong Jawa nata urip kalawan tetembungan “ora elok”. Ora elok
madhang neng ngarep lawang, mengko kelebon setan! Ora elok nglungguhi bantal,
mengko wudunen! Ora elok ngidoni sumur,
mengko lambene guwing! Ora elok nyapu ora resik, mengko bojone brewoken! Ora
elok tangi awan, mengko rejekine dithothol pitik! Ora elok dolan tekan magrib,
mengko digondhol Candikala! Lan sapiturute. Kabeh tetembungan ora elok kuwi
kanggo mernahake bocah supaya uripe tumata. Yen urip tumata, bocah bakal
ngrasakake paedahe nganti tumeka dhewasa. Kabeh sing semrawut pancen ora elok
lan perlu supaya ditata. Gusti Allah mranata apa kang ora tumata. Gusti Allah
paring dhawuh, supaya apa sing wis katitahake, padha ditata bebarengan. Ayo
nata sing perlu ditata!
Komentar
Posting Komentar