Nata Pancadriya


Lagi waé aku maca Buku Kenangan Penahbisané Vicaris Nino Krishnamurti kang madeg pendhito néng GKJ Tulung. Jebul hana tulisan cacah wolu kang mélu ngrengga buku kuwi. 

Hana judul tulisan "Pendeta Kok Jomlo" anggitané pendhito kang sanajan isih jomlo nanging kondang mursité saka Gréja Kristen Jawa Pekalongan. Ora mursit kepriyé yén ditunggoni gunung cacah ‎loro (Dwi Argo). Kanthi cakrik kang béda, hana judul "Nata Ati" kang rinakit apik déning ‎pendhito GKJ Ceper kang ora seneng caper amarga nulad Sang Prabu Dawud (King David) kang dhemen nganggit Masmur‎. Supaya para maos ngerti sejatiné timbalan pendhito, hana tulisan mentes kang rinumpaka ing jejer "Dadi Pendita Kuwi..." déning Pandhita Dyan Sunu Prakosa. Pendhito kang kondhang kaloka merga saka gondrongé ginelung pindha satriya Madukara.

Isih hana manèh tulisan ringkes saka panjenengané Pdt. Em. David Rubingan GKJ Gondokusuman kanthi judul rada dawa "Panggilan Hidup Mengelola dan Menjadi Berkat". Sanajan judulé rada dawa nanging isiné tulisan klebu paling ringkes. Mung sakaca waé ora kebak. Mentes langsung tumuju marang intiné. Béda karo tulisané Ki Atma. Cekak judule, yaiku: "Baju", nanging andharané klebu dawa dhéwé tinimbang kancané. 

Siji-sijiné tulisan kang bisa ngungkuli dawané mung "Pasamuwan Kembul" anggitané Pdt. Tri Ratno Wahono saka GKJ Kebonarum. Yo mung tulisan iki kang nduwèni visi mungguh adegè pasamuwan GKJ kang pener. Kanthi hanané pasamuwan kembul, muga-muga sangsaya akéh pandhita GKJ kang gembul-gembul.

Sanajanta mangkono, luwih prayoga yén sawusé dadi gembul bisaa nata urip. Tulisané Pdt. Yahya Prewita kang lagi nyenengi Thunder 250cc kanthi judul "Nata Urip Iku Kudu Nata Dhuwit" nerangké mungguh kepriyé nata urip iku. Minangka genepé wolung tulisan, hana judul "Eling Weteng Njembling Kuwi Tandha Mendhitani" kang kaanggit déning Pdt. Setiyadi. Pendhita kang seneng nunggang jaran wesi berhijab nanging déning Pdt. Wibowo diarani pendhita ASU! Wah, cébong kancané kamprét tenan!

Maklum, pendhita saka GKJ Mergangsan kuwi wis nyecep ilmuné pendhita sepuh kang nduwèni 'hak cipta' misuh 'ASU'. Kamangka kuduné Pdt. Wibowo yén misuh isih nganggo 'KIRIK'. Ning gandhèng pendhita kang naté sinau nyang Inggris kuwi ilmuné dhuwur, mula wis wenang misuh nganggo 'ASU!'. Sawijing pisuhan kang ngangkat martabaté kewan amarga dinggo wong akéh kanggo misuh. Muga-muga waé para asu ora nglaporaké wong-wong kang misuh nganggo 'asu' kanthi dhasar UU ITE.

Sakjané, misuh kuwi kanggo wong kang wus diwasa mujudake bab kang wigati kanggo ngresiki pangangen-angen. Luwih manèh yén pisuhan kuwi katujokaké kanggo ngraketaké paseduluran. Mula aja kagét yén hana kanca raket ora ngundang jeneng lan cukup omong 'mrénéa Su...!' Yén srawungé bisa mangkono kan uasu tenan. Hahaha... jo nesu yo su!

Yén wong diundang asu ora nesu, wong iku ingaran priyayi kang wus putus anggoné nata pancadriya. Kabéh hardaning karêp kang hana ing rasa kawadhagan wus katata kanthi prayoga. Mula, nata urip iku ora mung babagan nata ati lan nata dhuwit, nanging nata pancadriya uga kawawas prayoga. 

Kepriye mungguh carané nata pancadriya kuwi? Miturut panemuné Begawan Cipta Wening, nata pancadriya kuwi bisa disranani kanthi nengenake lan nindakake sembah raga, sembah cipta, sembah jiwa, sembah rasa lan sembah karsa. Hana panca sembah utawa ingaran uga panca tantra acintyabhakti kang kudu dadi kawigatèn.

Komentar

  1. Akeh tokoh kang dicritakake kanthi katrangan rada jangkep, ananging mung siji tokoh kang ora dikupas/cendhak keterangane. Hehehehe

    BalasHapus

Posting Komentar