mbabar

dewi maria lan sang timur, gereja katulik ganjuran

ana sawetara sedulur, sing duwe panemu yen reca dewa-dewi, gambar icon, pusaka warisan (awujud apa wae) kuwi barang maksiat. malah ana sing nganggep manawa gambar-gambar wong-wong suci utawa reca dewa-dewi kuwi ngganggu anggone meleng marang gusti. 
aneng sejarah jawa wis akeh conto kepriye mungguh wong-wong jawa padha ngepruki reca dewa-dewi mau, ngrusak papan pangibadah sing direngga relief, gambar apa dene reca-reca.
anggepe, kuwi musyrik. 

tak kira, panemu sing kaya mangkono mau mung amarga kurang kawruh wae. cupet lan peteng atine.

sabanjure, anggonku matur iki  arep tak bagi telung perangan.

1.
neng sejarah (meh kabeh) kabudayan, ana krenteg sing angel diselaki, yaiku mbabar apa sing aneng batin metu dadi ekspresi sing bisa disawang, dicekel, dirungokake, diwaca, lan dirasakke mawa pancadriya. 
apa sing kebabar metu mau kerep-kerepe pancen ora ceples karo sing ana jroning batin, sebab kudu dicocokake karo bahan sing dinggo mbabar mau, lan uga dicocogake karo ketrampilane sing gawe.
yen anane kayu ya krenteg mau kebabar miturut kodrate kayu. menawa paling cocog digawe gambar neng tembok guwa, ya banjur dadi mural, menawa krenteg mau paling mathuk dibabar mawa tembang ya dadine lelagon… lan sapiturute.

senajan ora ceples, nanging krenteg sing saiki duwe wujud kuwi diajeni banget, jalaran kuwi mrenthul saka proses sing kaya woh pelem metu saka wite. mula wewujudan iki uga karan wohing budi.

iki dudu proses sing waton gawe barang, gawe reca, gawe omah, gawe lagu, gambar…. iki proses sing kaya metune pelem mau butuh wit komplit sak oyot, cawang, godhong lan uga banyu, rabuk apa dene srengenge. butuh papan sehat kanggo ngandhut wijining budi mau. 

lan proses sing kaya mangkene iki angel diselaki, angel dibungkem, angel ditangkal. yen disangkal malah bisa njalari setres lan nglarani awak.

ringkese,
proses mbabar sing kaya mangkene iki mbutuhake bahan, ketrampilan nyocogake isining batin karo bahan mau, lan papan kanggo 'ngandhut' krenteg mau, sing ora liya yaiku tradisi.

Komentar