mandeng
Mandeng kuwi ndeleng kalawan tumemen tanpa kedhep. Wong sing
mandeng kuwi adate amarga rasa gumun lan kesengsem. Kaya ta ndeleng kenya sing
ayune ngungkuli Dian Sastro... amarga rasa gumun, banjur dipandeng trus nganti
lali anak bojo.
Kotbah Minggu iki nyaritaake bab nabi Musa kang kadhawuhan gawe
rerekan ula lan banjur kapanjer ing cagak. Sapa sing mandeng rerekan ula iku
bakal mari saka wisa ula mandi sing nyokoti bangsa Israel lan lestari uripe.
Bangsa Israel didhawuhi mandeng ula tembaga sing kapanjer neng pucuking cagak. Lha
apa ula tembaga kuwi sekti? Yen miturut pamawasku, mandeng ula tembaga kuwi
ateges mandeng neng dhuwur. Ula tembaga sing kapanjer ing cagak kuwi panggonane
ana dhuwur. Dadi nalika mandeng ula tembaga, bangsa Israel kadhawuhan mandeng
apa kang ana ing ndhuwur, yaiku Gusti Allah. Mula bukane lelakon iki, kawiwitan
saka panggrundele bangsa Israel nalika ora sabar mlaku ana ing ara-ara samun.
Bangsa Israel nesu amarga Gusti Allah nuntun ing panggonan sing garing, ora ana
roti lan banyu. Amarga panggrundel iku,Gusti Allah paring pepenget lumantar ula
tedung sing nyokoti bangsa Israel. Mandeng ula tembaga kuwi pinangka wujud
pamratobat. Bangsa Israel sing ndangak, mandeng ing mega, eling bab kuwasa lan
katresnane Gusti sing njalari lestarining urip, lan ngakoni manungsa kuwi
ringkih lan kebak dosa.
Ana kekidungan mangkene... srana mandeng salib ing
Sang Kristus Gusti salir tyang darbe gesang yekti. Salib kuwi
dipandeng! Ora mung dideleng, dilirik, dipleroki, diinjen, nanging dipandeng! Disawang
kalawan tumemen lan rasa gumun tumrap pakaryan lan pangurbanane Sang Kristus. Semana
uga ing bab ngibadhah lan ndedonga. Mripat kasukman kuwi kudu mandeng neng
ngarsane Gusti. Nalika ibadah prayogane ora mikirake memean sing durung
dientas, nanging ngenerake ati ing ngarsane Gusti kalawan tumemen! Mulane ana
istilah “sursum corda”, ajakan supaya umat ngenerake manah ing ngarsane Gusti
sadurunge mlebu ibadah Ekaristi. Arahkanlah hatimu kepada Tuhan! Mandenga
Gusti Allah!! Yen wis diajak mandeng ya, ayo mandeng! Ora krusak-krusek dolanan
hape pas lagi ngibadah.
Piye...? Pilih mandeng Gusti apa pilih kecokot ula?
Komentar
Posting Komentar