Mandeng Sang Kristus


Buku iki dak-tuku nalika sepisanan mlebu kampus Duta Wacana. Judhule "Memandang Yesus", tulisane Anton Wessels. Aku tuku ora amarga dhawuhe dosen ing kuliah, nanging amarga akeh gambare sing miturutku ora lumrah nalika semana. Gambaranku nalika semana (sadurunge kuliah) Gusti Yesus kuwi pasuryane ya kaya sing manjila ing gambar-gambar lan patung-patung. Rikmane dawa, brewoken, kulite putih, irunge mancung, dedege dhuwur, gagah, kaya artis Leonardo Di Caprio. Lha bareng aku maca buku iki, jebule apa sing dakgambarke bab Gusti Yesus kuwi rada beda.

Pasamuwan wiwitan nggunaake simbol iwak kanggo mbabarake Gusti Yesus. Iwak kuwi basa Yunanine ikhtus, kang banjur karakit dadi singkatan : Iesous Khristus Theou Huios Soter. Gambare Sang Kristus wiwit ana ing tlatah Eropa watara abad 3. Sang Kristus kagambar ing tembok katakombe greja Roma Doura Europos pinangka Juru Pangon. Gambare prasaja amarga teknik gambar rikala semana iya isih winates. Gusti Yesus rikmane cendhak, kriting, agemane ageman tukang angon jaman semana. Nalika Kristen wiwit ngrembaka ing Eropa, wujud gambare Sang Kristus uga ana ewah-ewahan. Amarga Kristen ngrembaka ana ing Eropa, gambar Sang Kristus kang karipta uga ngemu dedege wong Eropa : rambut gondrong warnane sokelat, brewoken, dedege gagah, dhuwur, irunge mancung, lan agemane ageman priyayi Eropa. Yesus Eropa kuwi Yesus kang dadi priyayi, diajeni lan disubya-subya.

Gambar Yesus Sang Pangon ing tembok Katakombe Roma 


Nalika agama Kristen kawartaake ana ing negeri-negeri liyane, gambar Sang Kristus gelem ora gelem kudu owah laras karo kahanan lokal. Nalika Sang Kristus “rawuh” ing Amerika Latin, Kristus rawuh pinangka Sang Pembebas. Kristus sing rawuh dudu Kristus priyayi maneh, nanging Kristus kang melu unjuk rasa bebarengan para gerilyawan  ing revolusi politik. Kang dadi kaprihatinan yaiku bab panguwasa-panguwasa julig kang kudu digolingake saka kursi pamrentah. Kristus sinalib kanggo nggayuh revolusi ing negri-negri Amerika Latin.

Gambar Patung seniman Edilberto Merida (Peru) kang nggambarake Yesus kasalib kaya pejuang gerilya kang dieksekusi mati


Nalika Kristus “rawuh” ing Afrika, Kristus dudu priyayi kulit putih. Amarga panganggepe wong Afrika tumrape wong kulit putih kuwi penjajah, tukang ngrebut lemah leluhur. Mula Sang Kristus ing Afrika manjalma dadi kulit ireng, rambute kriting, irunge pesek, dedege kuru, kaya dene para batur Afrika. Bebarengan karo batur-batur liyane, Sang Kristus nglawan penjajah kang julig.

Gambar Kristus ing bujana anggur Kana, saka Etiopia


Semana uga nalika Kristus “rawuh” ing Asia, Sang Kristus sulih sarira dadi wong India, wong China, wong Indonesia, lan sapiturute. Dadi gambaran Sang Kristus kuwi ora mung gambaran kang kaya wong Eropa wae. Ana neng ngendi Sang Kristus rawuh, kagambarake kayadene kahanan kang ana ing papan kuwi. Sang Kristus iya kudune nganggo basa Inyong - Rika, nalika ana ing Banyumas.

Gusti Yesus isih timur ngajar ing bait suci, gambar saka pelukis China, Ch'en


Buku iki mulang bab kontekstualisasi Sang Kristus. Gambar Sang Kristus kudu jumbuh karo kahanan tlatah kang "dirawuhi". Basa ilmiahe kudu kontekstual. Dadi Greja Jawa kuwi ya kudu nguripake gegambaran Sang Kristus kang jumbuh karo budhaya Jawa. Greja Jawa aja kami-landhanen. Sithik-sithik Landha, sithik-sithik Inggris... Wis mardhika kok isih kepingin dijajah ta bro??? Nyegur sumur wae....      



(kabeh foto lan gambar ing tulisan iki kacuplik saka buku "Memandang Yesus", Anton Wessels)

Komentar