madhyaaaaang.....



Yen ndak waspadakke saben greja mesthi dikantheni dhapur lan pakiwan (WC lan kamar mandi). Arang-arang kang nyawiske papan mirunggan kanggo ndedonga, nenepi ening lan kabutuhan liyane kangge pangabekti. Dikangseni apa ora, pancen kuwi papan mirunggan kang rata-rata dibangun lan dicawiske ing sakiwa-tengen greja.

Mula banjur tuwuh pitakonan ana ing batinku. Jan-jane iki papan pangibadah apa mung papan biyasa kang ujube mung nyawisi butuhe asli manungsa? Dhapur mono pancen digunakake kanggo mranata butuhe manungsa bab mangan lan ngombe. Haning rikala dipapanke ana ing sakiwa tengen greja banjur apa isa digunakake kanthi sapenere? Awit greja mono ora saben wektu kanggo kumpulan, lan uga ora saben kumpulan nganggo mangan lan ngombe.

Isih rada murwat menawa dicawisake pekiwan kanggo mbebuwang lan resik-resik. Awit iku bab kang lumrah dibutuhake manungsa. Pancen menawa wis kebelet kudu enggal dituntaske, lan becike supaya ora ngregedi papan pangibadah lan sakiwa tengene, kudu ana papan cawisan mirunggan.

Ngapa ora gawe papan kanggo ndonga? Ngapa ora nyawiske papan kanggo aso tumrape kang pengin nenepi ing greja, mawa piranti prasaja?

Mbok menawa pancen butuhe umat kuwi amung mangan lan bebuwang. Tegese rikala ngibadah ing greja, kang dipikirke mung piye carane mangan (dadiya cara karohanen, lan uga isa cara kajasmanen) lan mbuwang sukerta (mbebuwang dosa lan mbebuwang regedan awak).

Wujuding puja marang Gusti ora dicawisi papan mirunggan. Isa uga dialesi, wong neng njero greja kuwi kabeh wis ana. Ananging saya dimatke, sejatine njero greja dhewe arang digatekke perlune nyawisake kabutuhan iku.

Mula, ayake saya cetha pigunane dhapur ana ing greja menawa saben bubaran ngibadah prelu dianakke kembul bujana bareng....madhyaaaaaang. Awit pancen uga ndak sinau, wiwitane pasamuwan Kristen uga ngrembug perlune bab mangan bareng. Swarga uga digambarake ing bab mangan bebarengan...

Komentar