LOMBOK

Lombok utawa cengeh kuwi pancen wis dadi bumbu sing kudu cumepak ing wewengkon Wonogiren. Wis dadi pakulinan menawa piyayi Wonogiri kuwi anggere dhahar kudu dijangkepi nganggo bangsa sing pedhes-pedhes. Mula ana katelah sayur lombok, kang isine mung rajangan tempe lan lombok kang akeh, nganggo duduh santen. Angger wis dicepakke meja mesthi banjur padha kokoh (tanduk). Ora kudu ana iwak lan lawuh liyane angger wis ana sambel bawang wis joss. Utawa sambel walang sangit. Apa tumon, kewan kang disingkiri ambune dening wong akeh malah dadi kareman ana ing Wonogiri.
Emane mung siji. Wis ngerti menawa pancen lombok kuwi bumbon penting, ananging pijer wae padha ora ngudi nyawisi dhewe ana ing pekarangan. Padha milih tuku ana ing pasar katimbang nyawisi dhewe sacara mandiri. Kamangka kalamangsane lombok kuwi dadi bumbon kang ora isa dipethek regane. Ana mangsane regane ngluwihi rega daging. Lan mesthi kabeh wong padha ngerti bab iku. Mula ya aneh kok ora padha mbudidaya nyawisi dhewe kebutuhane.
Pancen, ndak rasa-rasakke, meh kabeh uwong saiki ditindhes karo industri dodolan. Kabeh padha dikepenakke anggone nyawisi kabutuhan urip. Pancen saiki rupa-rupa gampang digolekki lan dituku. Ananging awak dhewe kuwi mung dadi wong kang tuku (konsumen) dene dadi lantaran anggone wong sugih (pemodal) sangsaya sugih. Kamangka sejatine apa sing kita butuhke isa diudi dhewe cawisane.
Neng Wonogiri ana tembung kapok lombok. Rikala kepedhesen mangan lombok biasane padha gebres-gebres kepedhesen. Pambudidaya kanggo ngilangi pedhese ditindakake nganggo cara maneka warna. Sing paling gampang ngombe banyu adhem. Ning tetep wae ora isa enggalan kentas. Ora ketung padha kesiksa pedhese lombok ananging tetep wae puguh liya dina tetep nyoba. Rasa kesiksa pedhese lombok kuwi ora ndayani kapok, ananging malah pijer kepingin ngrasakkake maneh, mula iki kang karan kapok lombok.
Dadi ya wis kepiye maneh....
Rikala padha sambat katindhes ing butuh merga ora mbudidaya nyawisi dhewe, lan dienggo dolanan sing duwe modal, tetep wae nek wis isa dicukupi kanthi tuku banjur lali rekasane. Ya ngono kuwi kahanane wong kang wis bacut nganggep sepele bab urip, njagakake butuhe ing pundhake liyan. Wegah rekasa merga dianggep sepele ning tundhane dijajah wong-wong kang pokil.
Dadi kelingan lagu ndangdut.... Masak...masak sendiri, makan...makan sendiri.... Lelagon kang ngandharke sedhihe dadi wong kang kijenan, ning isa njalari dadi mandiri.
Jarwane, menawa isa nyawisi dhewe kanggo kabutuhan kita, kena apa kudu tuku.. Padha wae  makani cangkeme pati kang ra bakal wareg...

Komentar

Posting Komentar