sebul
Kepiye anggone manungsa bisa urip? Disebul! Manungsa sing
wujud lebu, disebul dening Gusti Allah. Kaya mangkono babaring uripe manungsa sing
katulis ing Purwaning Dumadi. Sebul kuwi cara ngetokake abab lumantar tutuk,
lan tutuke kudu nyoro. Yen ora nyoro, ora bisa. Lumantar disebul Gusti Allah,
lebu sing ora duwe nyawa, dadi urip. Kenapa kok ya kudu disebul?
Bab nyebul, sakjane wis dadi perangan sing ora bisa pinisah
saka manungsa.Nalika ngadhepi kopi sing isih panas, biasane disebuli dhisik supaya
adem. Nalika daden geni, biasane mawa sing isih melik-melik disebuli supaya
mubal lan genine rata. Semana uga nalika ngetokake keluk udut saka tutuk,
biasane disebulke saka lambe. Balon, supaya mlendhung kudu disebul dhisik. Suling supaya bisa muni kudu disebul. Nganti bab simbol liturgi ing mangsa Pra Paskah,
lilin sing murup disebul nganti mati, pinangka tandha patine gesang (Sang
Kristus). Nyebul kuwi ketoke bab sepele, nanging ora bisa diremehake. Coba umpamane
manungsa ora bisa nyebul. Nalika ngombe kopi panas, kudu ditunggu suwi nganti
adem. Apa iya bisa sabar?? Semana uga yen arep mateni lilin, yen ora bisa
nyebul mosok ya dikipasi nganti mati? Rak ya malah dadi wagu?
Gusti nyebul lebu sing wis kinarya pas bolongan irunge. Kuwi
sakjane wujud katresnane Gusti. Ababe Gusti Allah njalari manungsa urip. Nyawane
manungsa kuwi gumantung karo ambegan. Yen ora ambegan, ateges wis mati.
Lumantar ambegan, awake dhewe njupuk oksigen sing penting banget kanggo badan.
Gusti nguripke manungsa lumantar disebul, kuwi sakjane ngelingake awake dhewe
butuh hawa sing seger. Hawa seger kuwi gumantung karo tetanduran. Sangsaya akeh
tetandurane, sangsaya seger hawane. Lha nanging manungsa saiki mung mikirake
butuhe dhewe thok. Uwit-uwit gedhe ditegori, pategalan diganti pabrik-pabrik
sing ngetokake keluk racun... Lha kepiye carane awake dhewe bisa nampa sebulan
ababe Gusti Allah sing nyegerke awak lan ati? Mulane rahayu wong sing isih diparing ambegan lan uga isih bisa nyebul.
Komentar
Posting Komentar