katresnan ing antarane wong ra cetha!




arane elisa.
wonge ora ayu.
tur bisu.

elisa iki karakter sing diangkat dening sutradara mexico guillermo del toro neng film sing mentas wae oleh penghargaan golden globe 2018.

mbak elisa mau gambarake kaya wong wadon uripe soliter. lha mendah sepine uripe sing kaya mangkono mau.
malah, adegan awal film iki ngatonake rutinitas padinan uripe sing mboseni, tur isih ketambahan adegan masturbasi sing mbok menawa kanggo nambahi aksen menawa mbak elisa mau kesepian bianget.

dheweke mapan neng apartemen, lha kok ndilalah duwe tangga kamar pelukis sing orientasi seksuale gay. iki wong loro sing uripe mungkin dianggep ora lumrah dening wong-wong kaya awake dhewe, penonton sing kober ubyang-ubyung nyang gedhong bioskop sak rombongan karo kanca-kanca :-D

wong loro mau manggon ana apartemen sing dibangun neng ndhuwure gedhong bioskop. pancen ya aneh, ning ya ben. sajake iki pancen sengaja digawe simbolik.

elisa nyambut gawe dadi tukang reresik ana kantor sing jebule laboratorium riset rahasia duweke pemerintah amerika sing lagi "perang dingin" karo sovyet rusia. laboratorium iku mau mentas wae nemu sejenis kewan kaya iwak ning setengah menungsa saka alas amazon. ora bisa urip neng dharatan, ning duwe anatomi kaya awake menungsa lumrah: duwe sikil, tangan, gulu, sirah...
ringkese,
elisa mau rumangsa mesakake marang ‘kewan’ mau. dheweke menehi kawigaten kanthi nggawakke ndhog pitik saka apartemen, men dipangan kancane mau. suwe-suwe, elisa dhewe pengen nggawa mulih wae kewan mau, arep diopeni neng kamar mandhine apartemene.

wong wadon bisu kekancan karo wong sing rajelas: uwong dudu, iwak ya dudu.
iki kaya dene wong sing tersingkir, liyan, ora dianggep dening wong lumrah. isih ketambahan ora bisa ngomong. omongane kudu dijarwakke supaya karepe dimangerteni wong lumrah.
nanging,
ing antarane wong loro mau, jan-jane malah padha komunikatif. bisa mudheng karepe wong siji lan sijine, senajan sing siji bisu lan sing siji ming loap-laop kaya iwak. 
lha banjur apa sing kanggo srana komunikasine: katresnan.
wong loro mau urip ana alam sing beda karo alame wong lumrah.
urip ana ing alaming katresnan.
kosok baline,
wong-wong lumrah jaman semono (taun 60-an), malah padha perang antarane blok barat lawan blok timur: amerika lawan sovyet rusia. dadi, film iki nyritakake ana rong alam: alaming perang sing dilakoni wong lumrah, karo alaming katresnan sing dilakoni wong mbah-mbuh.

kanggoku,
film iki duwe pesan iku mau: sanadyan ora dianggep dening wong lumrah, nanging padha tresna tinresnan. wong sing maune kesepian, bisa urip bebarengan lan malah duwe sumbangan kanggo kanggo wong-wong lumrah [contone: wong sing kaya iwak mau isa marekake tatu-tatu neng kulit, bisa nyuburake sirah sing buthak…] sajake iki minangka kode manawa tlatah amazon asale kewan mau ki sugih keanekaragaman hayati sing bisa digawe obat.

jaman saiki wong-wong modern padha sadhar manawa wis nindakake kolonialisasi bangsa-bangsa sisih kidul [afrika, asia, amerika latin] kanthi brutal, kejem. ora mung nyedhot sumber daya alam, nanging uga ora nganggep ana wong-wong ing tlatah kidul mau. dianggepe wong-wong kidulan kuwi kaya setengah menungsa setengah kewan. film iki nuduhake manawa justru wong-wong kidulan mau sing bisa nindakake dhawuhe gusti: tresna-tinresnan.

dhawuhe gusti mau wis nglothok ming dadi apalan dening wong-wong loran [amerika, eropa], nanging dilakoni lan dihayati dening wong bisu lan wong setengah iwak mau.

katresnan pancen universal!

(lha ning aku njuk rategel mangan iwak caah...)

Komentar