jodho
![]() |
foto doc. Falcon |
Crita bab jejodhoan kuwi pancen kerep nengsemake ati. Mulane
akeh dongeng bab jejodhoan kang ditulis dadi novel, digawe sandiwara, nganti
digawe film. Crita bab jodho kuwi ora bakal ana enteke lan mesthi wae payu
didol. Kaya film remaja sing lagi wae dadi rerasananing wong akeh, Dilan 1990.
Yen mangsa sadurunge ana pasangan Rangga – Cinta sing dadi idola nom-noman
tahun 2000-nan, saiki ana pasangan Dilan – Milea sing digandrungi nom-noman
jaman now (sinaosa novel Dilan kuwi metune sadurunge film AADC digawe). Suk mben
ya mesthi bakal ana maneh pasangan sing digandrungi lan didadekake idola.
Jodho kuwi pancen pilihan. Ana wong sing milih jejodhoan,
ana wong sing dijodhokke (sing milih jodhone wong tuwa), nanging uga ana wong
sing milih ora jejodhoan. Kabeh mau padha apike. Sinaosa Gusti ngendika “ora
prayoga yen manungsa iku ijen bae”, nanging ora ateges kabeh kuwi kudu
jejodhoan. Gusti ngendika kaya mangkono amarga mirsani kewan-kewan kabeh uwis
duwe jodho, nanging manungsa kae kok nglangut... ijen... yen masuk angin lha
terus sing ngeroki sapa? Sing nggawekake kopi sapa? Banjur dikaryakake rowang
kang sembada kang dadi jodhone. Kuwi crita mula bukane jodho. Nanging aja langsung
nganggep yen ora jejodhoan kuwi ora prayoga. Sing milih jejodhoan nanging ora
nandukake tresna maneh marang bojone lan brayate dadi mala kuwi akeh banget.
Semana uga sing milih ora jejodhoan nanging uripe tentrem rahayu lan dadi
berkah ya akeh. Kabeh kuwi gumantung karo sikep kita.
Wong Jawa mastani “garwa” sing tegese sigaraning nyawa. Jodho
kuwi sigaraning nyawa. Yen lagune Dhani kae Separuh Nafas. Tegese nyawaku iki
(tumraping wong kang jejodhoan) mung separo. Separone maneh ana neng nggone
bojoku. Dadine gelem ora gelem kudu nyawiji. (Lha ning kok Dhani kae malah
ninggalke bojone ya? – ups... rasah ngurusi urusane wong liya!) Jejodhoan kuwi pinangka
amanah sing kudu dijaga murih bisa lestari. Jejodhoan kuwi pancen abot... yen
kuwat dilakoni ning yen ora kuwat, aja ditinggal rabi.
Tembang Asmaradana kang nelakake jodho kuwi kanugrahan saka Gusti (Purwaning Dumadi 2)
Tembang Asmaradana kang nelakake jodho kuwi kanugrahan saka Gusti (Purwaning Dumadi 2)
Manungsa keli ing sepi
ngorong marang asih tresna
Gusti pirsa pasambate
Saka igane manungsa
cipta rowang sembada
Dadia jodho kang tinemu
urip langgeng ing katresnan
Komentar
Posting Komentar