jeneng
Aku kelingan perangan novel anggitane Pramoedya : Arok Dedes, nalika
ana upacara ganti jeneng, seka jeneng Temu diganti jeneng Arok dening Sang Guru
Lohgawe. Jeneng Temu kuwi amarga ana bocah ora cetha asal-usule lan ditemu
dening Ki Bango. Mulane dijenengake Temu. Bareng ngerti yen jebule bocah kuwi
pintere lan kakuwatane ngluwihi bocah-bocah lumrahe, Sang Guru Lohgawe banjur
ngganti jenenge Temu, dadi Arok. Jeneng Arok kuwi ngemu teges mbangun. Jeneng kuwi
pinangka wujud pandonga lan pengarep-arepe para Brahmana supaya Arok bisaa
ngalahake kajuligane Tunggul Ametung lan dadi pemimpin kang bisa mbangun Wangsa
Isana.
Jeneng kuwi ora mung bab tembung sing ditata. Nanging jeneng
kuwi ngemu makna sing jero. Wong tuwa sing njenengi anake, ora mung
gothak-gathuk tembung. Nanging nduweni pengarep-arep kang becik tumrap anak mau
lumantar jeneng sing disandhang. Ana sing mastani jeneng kuwi pandonga! Contone
wong Jawa jaman mbiyen kerep njenengi anake nganggo tembung “su” sing
digathukake tembung liyane. “Su” kuwi nduweni arti apik. Dadine sing jenenge
nganggo “su”, kuwi pandongane wong tuwa supaya anak mau tansah nemoni bab kang
becik-becik. Nanging wong Jawa jaman saiki senengane njenengi anake nganggo jeneng-jeneng
Eropa. Ana sing dijenengi Claudia, Chelsea, Izabela, Marvel... yen
jeneng-jeneng sing mambu Jawa, jarene isin... wis ora jaman...
Ing Purwaning Dumadi, manungsa sing dititahake Gusti Allah ana neng taman Eden uga
njenengi sato kewan sing ditemoni ing sajeroning taman. Njenengi kuwi ateges duwe kuwasa. Sing wujude gedhe, duwe telale, kuwi arane gajah... Sing
njeguk kuwi asu... Sing cilik-cilik kuwi semut.... Manungsa duwe kuwasa
njenengi kewan. Sadurunge, Gusti Allah uga njenengi manungsa nganggo jeneng
Adam. Sapa sing duwe kuwasa, kuwi bakal njenengi apa sing dikuwasani. Sang Guru
Lohgawe ngganti jeneng Temu dadi Arok, kuwi amarga Guru Lohgawe duwe
kuwasa lan nguwasani Arok pinangka muride.
Sing kudu dilakoni, yaiku njaga supaya jeneng kuwi bisa tetep
resik. Jeneng apik-apik, dijupuk saka Kitab Suci, ning lha
kok nyolong dhuwite rakyat... korupsi... blaik tenan!! Mulane pandongane wong tuwa lumantar jeneng sing
kita sandhang kudu dibudidaya supaya mawujud nyata ing urip kita.
kanggo : Marvel putrane bu Desi sing dina iki ulang tahun...
Komentar
Posting Komentar