Jejaring
Hanane grup Info Cegatan Kota kang ana neng Facebook nyata
migunani banget tumrap warganing masyarakat. Akeh-akehe pawarta kang ditulis
babagan kecelakaan. Lumantar grup Info Cegatan mau, kedadian kecelakaan banjur
dadi viral lan nggampangake sumebaring informasi.
Wiwitane grup iki sakjane kanggo ngabarake papan-papan
ngendi wae kang lagi ana cegatan polisi utawa mokmen. Lumantar anane grup iki,
dadi padha ngerti anane cegatan lan waspadha supaya ora kena tilang. Mulane
dijenengake Info Cegatan. Informasi ana neng endi ta Polisi sing nyegat? Sakjane
niate grup iki ing wiwitane pancen rada lucu tur wagu. Iki rak ya akal-akalane
masyarakat supaya sedulur-sedulur sak grup endha saka polisi sing lagi operasi.
Lha apa polisi ki medeni ta kok padha diendhani? Nanging suwe-suwe grup sing
isine pawarta bab cegatan polisi iki, mekar... berkembang... ora mung bab
cegatan wae nanging bab kecelakaan lalu lintas, bab kobongan, bab banjir, bab
ana uwong kebanan bengi-bengi, bab geng klithih sing marai giris, nganti ana
sing njaluk pandonga amarga sedulure mlebu rumah sakit... (kudune pancen jenenge diganti ora Info Cegatan nanging Info Kota/Desa) Masyarakat kayadene
gawe jala/jejaring informasi. Lan eloke grup iki digawe dhewe dening
masyarakat sacara independen/mandiri sinaosa antara siji lan sijining anggota ora padha kenal. Iki dudu kawiwitan saka Pamrentah. Lan jejaring
independen iku migunani banget tumraping masyarakat.
Manungsa pancen butuh jejaring kanggo urip. Jaman tradisional,
jejaring kuwi tuwuh sacara ngumpul bebarengan. Kaya dene arisan ibu-ibu kang
ora namung ngubengke dhuwit wae nanging uga andum wawasan lan informasi. Ana ing
kampung uga ana rondha kang ora mung bab njaga keamanan nanging uga ngraketake
paseduluran.
Ewah-ewahaning jaman, ngewahi uga wujuding jejaring. Sing maune
ngumpul awak, bareng ana internet sing ngumpul dudu awake nanging identitase
sacara maya (iki jenenge apa ya?). Mbangun jejaring kuwi kudu tinarbuka, ora
fanatik, lan ngajeni pepadha. Sangsaya tinarbuka, jejaringe sangsaya akeh. Mula
ayo mbangun jejaring informasi kang migunani kanggo pepadha. Sapa ngerti suk mben bengi-bengi kebanan neng tengah sawah, banjur lumantar andum informasi, ditulungi salah sijining anggota grup lan dadi jodhone. Lumantar jejaring,
you’ll never walk alone!
Komentar
Posting Komentar