ILMU lan IMAN

Ilmu lan iman (pracaya) iku sajatine kayadene tangan tengen lan kiwa. Beda, ning kekarone padhadene dibutuhake supaya bisa satimbang. Wong yen mlaku, tangan kanggo lembeyan, sing tengen mengarep, sing kiwa memburi; kosok baline yen sing tengen mengarep sing kiwa memburi. Ya srana mangkono awak dadi satimbang.

Sanadyan ilmu lan iman iku sajatine kabeh dibutuhake dening saben uwong, nanging kerep kelakon kekarone malah dianggep lelawanan. Wong sing ambyur ing jagading ilmu trus ora perduli marang iman, kosok baline sing nggulet neng iman suthik utawa emoh nggatekake ilmu. Jalaran panganggep lelawanan mangkono iku akeh ilmuwan sing dadi utawa dianggep ora pracaya marang Gusti Allah, utawa kewentar disebut atheis. Stephen Hawking, sing nembe wae tinggal donya iku ilmuwan kang ngaku lan dianggep atheis. Malah ana uga teolog sing trus dadi atheis.

Sing kudu dandan-dandan awak iku bebadan agama. Yen Kristen bebadan agama kuwi greja. Nganti seprene kerep kelakon bebadan agama, klebu greja, kuwi kumawasa. Kabeh kudu manut miturut tanpa takon marang bebadan agama. Ing bab apa wae. Yen ana sing tetakon dianggep wis arep murtad, nglawan Gusti Allah. Apamaneh yen lelawanan karo bebadan agama mau, mesthi dianggep iblis, kudu diukum yen perlu diukum pati. Lelakon dhek abad 16 contone, ilmuwan Galileo galilei lan Copernicus, kang kandha yen bumi iku bunder lan bumi iki sing ngubengi srengenge, dudu suwalike srengenge sing ngubengi bumi, dening bebadan agama diancam ukum pati yen ora gelem nyuwak lan mbatalake panemune iku mau. Mangka pancen kebukten yen bumi iku bunder, lan bumi iki sing ngubengi srengenge. Lelakon mengkono iku isih klakon ing jaman saiki. Sapa wae yen duwe panemu beda malah lelawanan karo  bebadan agama, mesthi diancam paukuman. Mula para ilmuwan pilih ora ngagama, dadi wong atheis, ben ora isa diancam paukuman dening bebadan agama.

Kumawasane bebadan agama iku jalaran rumangsa yen kabeh piwulange mesthi bener awit didhasarake ing kitab suci kang diyakini minangka Pangandikane Gusti Allah.  Nggon iki, bebadan agama uga kudu dandan-dandan awak. Kitab suci kuwi pituduh bab Gusti Allah. Yen ana wong nuduhke lintang srana nuding lintang, ya aja drijine wong mau sing dipindeng, ning lintange. Aja pituduhe sing digatekake nanging sing diener dening pituduh mau. Dadi, kudune sing digatekake iku Gusti Allah, dudu kitab sucine. Emane kerep kelakon bebadan agama malah mindeng kitab sucine, dudu Gusti Allah.

Yen bebadan agama ora kumawasa, lan ora mindeng kitab suci, nanging mindeng Gusti Allah, ilmu kuwi isa nerangke malah kanthi jlentreh bab kekerane Gusti Allah ing alam jembar iki.

 

(gambar diambil dari google)

Komentar