Identitas Gréja Kristen Jawa: Kristen Kang Kritis, Jawa Kang Dinamis

Grup Télé lagi umyek ngrembug kahanané cah enom GKJ. Rembugan kuwi didhasari hasil FGD (Focused Group Discussion) kang dihanakaké déning Lembaga Studi lan Pengembangan GKJ sadurungé diobrak-abrik lan bosah-basèh. Hana bundhelan manawa cah enom GKJ kuwi dianggep ora njawani, ora ngerti tata krama, lan kurang ing babagan unggah-ungguh. Ing kéné dadiné para cah enom kang disalahaké lan perlu dibina manéh.

Panemu kuwi anéh amarga nganggep cah enom kuwi ora ngerti apa-apa. Kamangka sejatiné ora mangkono. Jaman saiki kuwi hana tangané cah enom kang luwih melèk téknologi informasi. Cah enom kuwi kang luwih prigel ngobahaké ekonomi kanthi cara-cara nut ing jaman kelakoné, alias nganggo aplikasi kang kaundhuh saka ing jagat kang ora katon.

Hana sawijining patrap gumunggung saka wong tuwa kang kudu disaruwé. Mosok ngarani cah enom perlu dibina manéh. "Niku kurang ajar," wangsulané pendhita enom kang duwé wibowo. Panemu kang nganggep sing sugih ngélmu sembarang kalir kuwi mung wong tuwa, pancén wayahé nampa panyaruwé sacara terstruktur, sistematis, lan masif.

Sakjané panduga lan panemu ngono kuwi mung nyethakaké yén GKJ pancén gréjané wong tuwa kepara adi yuswa kang nganggep dhiri paling ngerti tatakrama. Mula saben-saben ana timbalan pendhita sing kanggo ukuran mendhitani mesthi bab basa, cara manganggo sandhangan, lan kudu nurutan. Sawijining kanyatan kang mbebayani kanggoné tembé mburiné GKJ. Njuk kepriyé yén wis sadhar kang mangkéné?

Durung manèh kasunyatan iba para adiyuswa pancén isih seneng golèk panggung. "Tandha yén para pendhita GKJ kang wis emeritus isih padha enerjik," miturut katrangan saka 'Sang Prabu Dawud' saka Ceper. Kanthi kegiatan kang nyedhot kawigatèn kuwi sakora-orané kepéngin mratélakaké marang jagat pramudita yén GKJ kuwi gréjané wong tuwa tumekané adi yuswa. Ora maido manawa para pendhita nom ing GKJ yo kudu cepet njembling kanthi bathikan rapi supaya wangun yén cinandra déning para adi yuswa.

Apa kanthi semangaté para adiyuswa njuk nambahi mongkog ing ati? Sumangga mawon. Jer limpahan demografi saiki, jagad kuwi sing nduwéni sejatiné para muda taruna. Ora maido, nalika nyemak hasil FGD ing ndhuwur supaya para muda dibina, kanthi kebak ing keprihatinan, Pdt. Wibowo banjur ngungun, "Wah, repot, diajari macem2 ntar malah mencelat kabéh." Tembung kebak manohara uga kapratélakaké Mahaguru saka Arsitektur Duta Wacana, Mahatmanto: "lha jelas, karena mereka diposisikan sebagai yang 'belum'...." Njuk piyé Cah..., ngadhepi kasunyatan mangkono?

Hana kahanan kang luwih apes maneh. Amarga cah enom kang dianggep kurang Jawa kanthi ukuran basa lan tatakrama, banjur dinggo mbundheli kahanan GKJ kang kelangan jati dhiri utawa identitasé. Jati dhiri GKJ kang kepriyé, coba? Para pendhita tuwa lan guruné pasamuwan GKJ lali yén hanané cah enom GKJ saiki kang kaya mangkono kuwi sejatiné yo hasil dhidhikané dhéwé. Lha kok banjur disalahaké dhéwé ki njuk kepriyé, Cak?

Apa jati dhiri GKJ gumantung karo basané kang akéh unggah-ungguhé lan tata kramané? Kalebu carané ngadi sarira lan busana kaya priyayi kraton? Nécis, klimis, kudu mambu amis. Apa kaya mangkono kuwi kang diarani Jawa?

Basa mangkono, nalika mbegegeg ngugemi unggah-ungguhé, sejatiné mung nlantaraké para nom-noman lan minggiraké saka jagading pasrawungan, kejaba malah gawé jurang jero karo para priyagung GKJ kang memuja dhakik-dhakiké migunakaké basa minangka priyayi manjila. Mula hanané Basa Jawa Ngoko kang egaliter perlu diuri-uri kanthi permati, tansaha digunakaké déning cah enom, cah tuwa, nganti tumekané adiyuswa. Iki salah sijiné cara supaya adegé Jawa tetep nyambung lan nyrawungaké saben generasi.

Lire, Jawa ora bisa kaku nggejejer kaya paku gedhem taiyèngen. Mula GKJ kudu permana maspadakaké kahanan kaya mangkono. Aja nganti GKJ ming céples karo grejané adiyuswa. Luwesé Jawa kang bisa srawung karo manéka jaman lan kahanan kudu diulati. Iki bisa kanggo negesi hanané konsép intergenerasional. Jer kang kudu bisa tansah srawung iku kejaba rohé jaman uga generasiné. Patrap bab luwesé Jawa  mangkono kuwi wus dadi kawigaténé Dennys Lombard ing buku kang wus kajarwakaké kanthi judul "Nusa Jawa: Silang Budaya."

Ing kono Dennys nlesih bab babad Jawa kang kudu ketemu karo manéka warna priyayi, adat, budaya nganti tumekané agama. Jer Jawa mangkono wus kadhung dadi papan Indianisasi, Pengislaman lan Pembaratan. Dadi, Jawa kuwi pancén akéh ragamé, ora bisa diseragamaké. 

Hanané crita Syeh Siti Jenar, Darmogandhul, Gatholoco, tumekané Kyai Sadrach mung kepéngin negesaké bab adegé Jawa kang pusparagam. Aja lali uga marang adegé Sedulur Sikep, Sunda Wiwitan, Baduy, lan Tenggêr. Ing kéné bab luwesé Jawa banjur kawistara. Yén Jawa mono pancén anekaragam, ora seragam. Panganggep yén Jawa kuwi mung Jawa kratonan, cetha manawa pamikiran kang mangkono kuwi wus keblasuk. "Sesat pikir", istilahé jaman now.

Saiki, manawa ngrembug jati dhiri utawa identitas Gréja Kristen Jawa banjur kepriyé? Kurang luwihé Gréja Kristen Jawa kuwi pancén kudu dadi "Kristen sing kritis lan Jawa sing dinamis," mangkono panyandrané mahaguru Mahatmanto saka Potorono. Sawijining panyandra kang wangun. Liré, sing bisa mbedakaké GKJ saiki lan jaman ndhisik kuwi sipaté kang lantip lan luwes anggoné manjing ajur-ajer murih tansah gayut lan sumbut karo mobah mosiking kahanan.

Lah ing kéné para nom-noman GKJ kudu dijarag kanggo rembugan murih kalantipan lan kaluwesané wong Kristen Jawa bener-bener kawistara.

Komentar

  1. dyaar... dipindhah kene caah.. 😀

    BalasHapus
  2. Muga-muga ora mung dadi kritik. Kritik mung keri merga diitik-itik. Rampung ngitik-itik rampung uga rasane keri.

    BalasHapus

Posting Komentar