Gréja Turé

Aran gréja Turé ora bakal dilalèkaké déning Pasamuwan Turé. Sanajanta, papaning bangunan greja wis pindhah ing Dusun Cantèl, Désa Pidekso, Kecamatan Giriwoyo.

Pak Suyatno lan Pak Supardi crita yén aran gréja Turé kuwi lair merga saka babading pasamuwan. Nalika semana pasamuwan nganakaké pangabektèn pisanan pancén mapan ing Dhusun Turé, Desa Pidekso, Kecamatan Giriwoyo. Sengaja sebutan kuwi ora diganti. Cikbèn dadi crita mungguh larah-larahing Pasamuwan Suci kang ana ing Turé. Kepara, sanajan sacara administratif klebu wewengkoning Pasamuwan GKJ Baturetno, ora dikondhangake dadi Pasamuwan GKJ Baturetno wilayah Turé.

Bapa Pdt. Dyan Sunu Prakosa dhéwé kang mrayogèkaké. Liré, cikbèn jeneng Turé manjila, laras karo papané. Kalebu uga, ing bab jatidhiriné. Turé wis duwe sejarah. Mula kawawas déning Pdt. Dyan Sunu prayoga jeneng Turé dilestarèkaké.

Kenapa, déné pendhita gondrong tanpa omah magrong-magrong iku duwé pamrayoga kaya mangkono? Éling-éling, pendhito jebolan Fakultas Teologi UKDW kuwi duwé kawigatèn ing babagan téologi lokal. Mula ora maido yén duwé pamrayoga lan penggalihan jero kang kaya mangkono.

Téologi lokal dhéwé mujudaké kawruh kang bisa kagayuh mung kanthi cara ngurmati, mapanaké, lan mènèhi kawigatén marang tuk kang mili lan dadi ombèn-ombènané pasamuwan ing kahanané. Kawruh kaya mangkono kuwi kang ing wektu-wektu kang wus lumaku dadi kawigatèné pendhito ing GKJ Baturetno. Pendhito kang sanajan ora njembling wetengè nanging tetep mendhitani. Jalaran rambut kang gondrong ginelung pindha satriya panengah Pandhawa, Raden Janaka. Mula yèn cinandra, pendhito GKJ Baturetno kuwi pancèn cèples kaya garwané Dewi Woro Sembadra.

Ora maido, mula bareng karo Ki Atma, pendhito saka GKJ Purwodadi kang wus tinilar ingkang garwa, Pdt. Dyan Sunu Prakosa tinimbalan secara mirunggan dadi pendhito pelados mirunggan murih ngrembakané téologi lokal. Bab kang sabenerè ora mokal, jer saben pasamuwan kuwi duwé sejarahe dhéwé-dhéwé. Sejarah kang nerangaké pesugihané kang njalari pasamuwan tetep madeg nganti tumeka jaman saiki.

Saiki, gréja Turé kagusur déning proyèk Bendungan Pidekso. Kanggo ngawèkani, pasamuwan wis miwiti mbangun papan pangabektèn kang wangun, awujud segi tri. Cakrik iki ngemu piwulang, supaya gréja ora nglalèkaké marang triloka. Kurang luwihé kaya déné Candi Borobudur kang nduwé trap-trapan: kamadhatu, rupadhatu, lan arupadhatu.

Cakrikè wangunan segi tri kuwi karipta déning arsitek kang kondhang ing tlatah Baturetno, yakuwi Tri Nurcahya. Arsitek lulusan ITB, kang saiki lagi ngrampungake pasinaon S2 téologi ing UKDW. Arsitek kang kesusupan cakrikè Romo Mangunwijaya saben nyandra lan ngripta pepèthan. Piyé manèh, lha Tri Nurcahyo kuwi pancèn sacara idéologis pantes sinebut muridè swargi Romo Mangunwijaya.

Mulané, priyayi gedhé dhuwur, gagah pidekso kaya Raden Wrekodara kuwi sabanjuré kagadhang-gadhang bisaa ngawinaké ngèlmu téologi kang duwé wewatekan ngolah perkara kang suci karo ngèlmu wastucitra kang wewatekané maujudaké prakara suci mau murih binabar ing alam ginelar. Kanthi mangkono, ing sabanjure akèh pasamuwan kang kabyantu yèn mbangun grèja kuwi perlu migunakaké kawruh. Temahan candrané wangunan ora ngawur, kang ibaraté kenya tanpa pupur nanging malah ngemut susur. Kojur!

Ora maido yèn Bapa Pdt. Dyan Sunu Prakosa banget panyurungé murih Tri Nurcahya cepeta lulus lan madeg pendhito mapan ing Baturetno. Panyurung kang kaya mangkènè iku dadia lantaran murih gegayuhané Pasamuwan Suci ing Klasis Wonogiri maujud manut panyawang saka pucaking Gunung Tirtomoyo.

Komentar