godha




Basa iklan kuwi basa sing digawe menarik. Pilihan tembung lan gambare kudu bisa ndadekake sapa sing krungu lan ndeleng dadi kapincut. Sapa sing ora kagodha nalika nyawang iklan mie instan ndhuwur iki? Gambare ana olahan mie instan sing disuguhake lengkap karo endog ceplok, sambel, lalapan, lan iga penyet! Apa maneh ana ukara “dahsyat iga penyetnya!!!” Lha nanging nalika dibukak bungkuse, mie instan mau mung ana mi kering karo bumbu thok. Ora nganggo endog, lalapan, apa maneh iga penyet. Ya kaya ngono kuwi sing jenenge iklan. Yen mancing umpane ora menarik, iwake ya wegah nyaplok. Mula supaya bisa mincut iwak, umpane digawe sing menarik.

Carita ing Purwaning Dumadi 3, mbabarake manungsa kang kapincut panggodhane ula. Ula ing crita iki ngiklanke produk woh saka wit sing ana ing satengahe taman Eden. Ula ngupaya supaya manungsa kagodha. Ing jarwan Basa Jawa, crita iki luwih greget amarga ula nganggo basa krama lan manungsa nganggo basa ngoko. “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan : sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak, inggih ta?” Ula miwiti panggodhane lumantar tetembungan kang mancing wangsulane manungsa. Ula ngasorake dhirine lumantar nganggo basa krama lan ethok-ethok ora ngerti bab apa kang ora dikeparengake Gusti Allah. Ngerti yen umpane wiwit dilirik, ula mau banjur ngetokake jurus sales : nawakake kalawan ngluwih-luwihake kasiat saka apa sing ditawakake. Diaturke marang manungsa yen woh iki duwe kasiat bisa ndadekake manungsa padha karo Gusti Allah ing bab kawruh, bisa mangerti bab kang becik lan ala, saha ora bakal mati! Sapa sing ora kapincut krungu kasiat kang kaya mengkono iku?

Panggodha kuwi kaya ayang-ayang kang tansah ngetutake lakune manungsa. Wong Jawa kuwi duwe pantangan “ma lima”. Madat, madon, mendem, main, lan maling. Pantangan kuwi sing bakal ngrusak uriping manungsa. Ma Lima kuwi pancen tuwuh saka budhaya patriakal. Mulane sing dadi pantangan mirunggan katujoake marang wong lanang. Semana uga “3 ta”, harta, tahta, lan wanita. Nanging ora usah adoh-adoh lan abot-abot, bab cegah hawa nepsu kuwi bisa kawiwitan saka sing cedhak karo dhiri kita. Kaya ta bab madhang. Yen wis ana sega jangan lawuh neng dhuwur meja makan, ya ora usah jajan neng njaba. Semana uga bab sandhang. Yen wis nyandhang kalawan patut, ya ora usah golek sing neka-neka maneh. Urip kuwi sing prasaja wae. Ora usah keblinger panggodha sing durung mesthi migunani.  

Komentar