APA TA GETIH IKI, GETIH APA TA IKI?


Ing dina Jemuah Adi, umat Kristen padha ngabekti, mengeti sangsara lan sedane Gusti Yesus. Ana sedulur kang takon, apa maknane Yesus nandhang sangsara, disaalib, lsp iku? Apa kuwi pancen wis dadi kodrate Yesus kudu nglakoni kabeh iku? Apa pancen panandhang, kasangaran, pangurbanane Yesus iku wis ginaris, wis dadi pepesthen, kuwi nasib?
Miturut panggegilutku cara mawas utawa nyawang lan maknani lelakon kasangsaran, panandhang, pangurbanane Gusti Yesus iku, saora-orane ana loro (2).  Yaitu, siji cara mawas, nyawang utawa maknani saka lelakone Abraham ngurbanke putrane, sijine saka lelakon Musa nuntun bangsa Israel metu saka pangawulan ing Mesir.
Lelakon kasangsara, panandhang, pangurbanane Gusti Yesus iku isa diwawas, disawang, dimaknani saka lelakon rama Abraham ngurbanake putrane. Rumangsa wedi-asih marang Gusti Allah, mula mbangun turut ing apa wae kang didhawuhake Gusti Allah, rama Abraham mantep ing tekad lan niyat ngurbanake putrane. Sing kelakon temenanan rama Abraham ngurbanake wedhus kang diparingake Gusti Allah minangka lirune Iskak sing arep dikurbanake mau. Wutahe getihing wedhus iku wis dadi pepesthen, garis utawa nasib, kodrat kanggo ngijoli nyawane Iskak kang kudune dikurbanake. Wedhus iku dadi kurban minangka gantine Iskak. Mangkono uga wutahing getihe Gusti Yesus, pangurbanane Gusti Yesus, minangka liru utawa gantine kabeh manungsa. Panganggep utawa paham lan keyakinan ngene iki sing diwulangake greja wiwit biyen nganti saiki. Rahe Gusti Yesus nebus manungsa. Pangurbanane Gusti Yesus nylametake manungsa.
Lelakon kasangsaran, panandhang, pangurbanane Gusti Yesus iku uga bisa diwawas, disawang, dimaknani saka lelakon nabi Musa nuntun bangsa Israel metu saka pangawulan ing Mesir. Nabi Musa ngajaki bangsa Israel ninggal Mesir, ninggal tanah pangawulan, dadi bangsa merdika. Minangka panuntun, nabi Musa mucuki laku, tegese neng barisan ngarep dhwe, temah yen ana bebaya nrajang saka ngarep nabi Musa kang dhisik dhewe ngadhepi bebaya mau. Kuwi kang kelakon ing nalika bangsa Israel bar wae ninggal Mesir, kecegat segara Teberau. Musa kang ana ing ngarep dhewe trus ngrampungi perkara. Nabi Musa ngacungke tekene lan segara Teberau piyak dadi loro, ing antarane piyakan mau asat, temah umat Israel isa liwat tekan ing sabrang kanthi slamet. Mangkono uga ing lelakon sabanjure, nabi Musa tansah dadi pengarep kang isa dadi conto utawa patuladhan tumrap bangsa Israel supaya tansah pasrah sumarah marang Gusti Allah, lan tetep nutugake laku tumuju ing papan anyar, ora mbalik menyang ing Mesir. Kaya nabi Musa kang dadi pengarepe bangsa Israel, mangkono Gusti Yesus dadi pengarepe kabeh manungsa kang ndherekake tindake.  Gusti Yesus kuwi pancen panebus, Juru Slamet. Nanging kang ditengenake dudu bab getihe Gusti Yesus, nanging pilihaning urip temah Gusti Yesus dadi sumbering ada-ada (Indonesia: sumber inspirasi) nglakoni pilihaning urip sui, mulya, tresna, lsp, ringkese urip kang ndadekake keparenge Gusti Allah. Miturut pamawas, panyawang, cara maknani kang mangkene iku kasarangsaran, panandhang, pangurbanane Gusti Yesus iku dudu pepesthen, garis utawai nasib, kodrat, nanging resiku lan konsekuensi pilihaning urip kang ndadekake keparenge Gusti Allah, yaiku urip suci, luhur, mulya, tresna, lsp.  


Ki Atma

Komentar