Nyurasa Kitab Suci

Atetales pangertosan bilih Kitab Suci punika binabar kanggé hanyipta weninging panembah, saben-saben nyuraos Sabda Suci temtu mboten saged nglirwaaken wigatosing kala mangsa Liturgi. Tujuanipun supados saged ndhudhah sejatining pepakon saking Gusti kados nalikaning dhawuh punika kawiyos dhumateng umat prasetyaningsih. Srana mekaten kita tansah eling, bilih kita punika ugi kalebet umat prasetyaningsih ingkang nggelaraken babad kawilujengan ing jaman samangké.

Kanggé mangertosi wahyaning mangsa kalaning Liturgi ingkang kaginaaken déning Pasamuwan Suci, kita perlu nyurasa langkung rumiyin bilih jatining gesang ing jagad raya punika mboten saged uwal saking jantraning mangsa kala. Mboten maiben menawi kita saged mrangguli wontenipun tradisi slametan laras kaliyan tata iramaning gesang (rites de passage – daur hidup), kadosta: wiyosan, supitan (sidhi), palakrama, lan seda. Ing wekdal-wekdal punika dipun yakini wonten carub astaning kekiyatan linuwih (supranatural).

Mila, wateking upacara asipat kasukman. Kanthi upacara punika ingajab sageda gesang lumebet ing wewengkoning sih rahmat. Bab punika ugi ingkang dados dhasaring Pasamuwan nindakaken upacara sembahyang, ingkang salajengipun nuwuhaken kesadaran penggalihan bab gagasan téologis magepokan kaliyan kala mangsaning Liturgi.

Gagasan téologis tumraping kalamangsa Liturgi punika kadudut saking pakaryanipun Gusti njunjung manungsa dados umat prajanjian. Pakaryanipun Gusti punika kamot ing Kitab Suci ingkang kaginaaken dening umat prajanjian kanggé srana ngenget-enget (anamnésé) ing sauruting wekdal. Kanthi pangenget-enget tumrap pakaryan Dalem Gusti punika umat saged nawangsihipun Gusti ingkang nebus lan nyucekaken manungsa (segi katabatis) temahan nuwuhaken krenteg ngluhuraken pakaryan Dalem (segi anabatis). Prekawis punika ingkang dados dhasar olah kridhaning Liturgi.

Nalika Pasamuwan Suci nelakaken riyayanan kanthi kongasing panembah srana Liturgi, sayektosipun nembe mahargya kalaning Gusti Allah rawuh lan mbabar kawilujengan sejati. Kebabaring pakaryan kawilujengan punika ingkang sinebat kairos ing Basa Yunani (kacundhukna Rachman, 2001:4; da Cunha O. Carm, 2011:9), ingkang ngemu teges ugi bilih jantraning kala mangsa sampun ngener ing sangkan paraning dumadi  (Setiyadi, “Manakala Menyadari Sang Kala”, 2011).

Ing ngriki saat sembahyanganing Pasamuwan Suci dados wigatos. Amargi kanthi kridhaning pangabekti saben ari, neting ati tansah nawangsihing Gusti kanthi sembah raga, cipta, jiwa lan rasa (kacundhukna Setiyadi, Catur Sembah Hyang Hana sebagai Dasar Bangunan Liturgi GKJ Merayakan Karya Penyelamatan Allah, 2010).

Ing ukara sanes, Liturgi Padintenan sayektosipun nggadhahi ancas kagem memuji Allah saha nyucèkaken dinten sarta sedaya tumandhanging manungsa kanthi pandonga. Pangertosan punika salajengipun ndunungaken mring ancasing Liturgi ingkang katujokaken kanggé ngladosi tuwin mahargya kalaning Gusti milujengaken jagad, ngruwat lan nglebur dosa. Murih pahargyan punika laras kaliyan jantraning kala mangsa, mila perlu kasusun urutaning waosan suci utawi tata wacana wara.

Wontenipun Revised Common Lectionary –satunggaling conto tata wacana wara– ingkang kacawisaken dening para nipuna ing babagan Kitab Suci lan Liturgi sayektosipun mitulungi Pasamuwan Suci ngriyayaaken pakaryan kawilujengan ingkang katindakaken dening Gusti Allah srana olah kridhaning pangabekti. Amargi ing tata wacana wara punika sampun kapratelaaken kala mangsaning Liturgi ingkang dipun riyayaaken.

Wonten ing kawruh tapsir tipologis, gagasan téologis tumraping kala mangsa pikantuk kawigatosan ingkang mirunggan. Kala mangsa Liturgi ingkang utami ing Kitab Suci inggih punika téologi bab dinten Sabat tuwin pahargyan-pahargyan mirunggan, kadosta: Paskah, Panen/ Pentekosta, Undhuh-undhuh/ Tanceping Tarub, lan sapiturutipun. Kanthi pangertosan bab gagasan téologis tumraping kala mangsa Liturgi ingkang sinamar ing rerangkèning tata wacana wara, salajengipun kantun kasuraos samesthinipun. Kirang langkungipun, lantaran keterangan waosan ingkang miwiti naskah khotbah jangkep, mugi nuntun mring lebeting panyuraos, sabaring ngraos-raosaken lan marsudi wasiat suci sapecak mbaka sapecak. Ing pangangkah wohing kasukman ingkang sinamun ing waosan suci saged kawiyak manut jantraning kala mangsa Liturgi.

Wontenipun buku Sadhar –mitra saben ari marsudi ati– lan Kotbah Jangkep –mitra sejati ngunjukaken sembah bekti– nggadhahi sedya murih Pasamuwan GKJ sembada ing kridha olah kamursidaning gesang kanthi hanyipta weninging panembah. Srana mekaten badhe tetéla kusumastuti mwang laksitaning Pasamuwan GKJ ing pundia papan. Pramila, anggénipun Pasamuwan GKJ mahargya prastawa kawilujengan ing dinten Minggu ingkang kadayan Khotbah Jangkep kedah kerem ing wahyaning mangsa kala Liturgi.

Ngengeti titi mangsa Liturgi punika nggadhahi gagasan téologis tuwin swasana mirunggan (kacundhukna Huck, 2001:186). Khotbah Jangkep ingkang nyarengi tumapaking Tata Pahargyan Prastawa Kawilujengan nggadhahi timbalan mulya kanggé mratelaken swasana tuwin gagasan téologis tumrap kala mangsa Liturgi. Tujuanipun kanggé sabiyantu pasamuwan nglengganani dumugi pundi jumangkahing lampah napak tilas pada Dalem Sang Kristus, temahan saged methik wohing karohanen adhedhasar titi mangsa Liturgi ingkang nembe lumampah. Saben lelampahaning gesang, saben pengalaman ngemu teges lan pikantuk papan mirunggan wonten ing rancanganipun Gusti. |seti