Memayu Gesang Rahayu






Kala mangsa Liturgi ingkang perlu kasuraos kanthi samesthinipun sampun kapratélaaken ing tata urutaning waosan suci. Saking tata wacana wara punika kita pikantuk jatining kawruh bab kala mangsaning Liturgi ingkang apunjer ing pahargyan Paskah (van Olst, 2006:147; Rachman, 2001:39;  Setiyadi, “Paskah sebagai Puncak Perayaan Ibadah Jemaat”, 2009; Martasudjita, 2011:101-102; da Cunha O. Carm, 2011:26).  Lantaran prastawa Paskah, Pasamuwan Suci mangertosi jatining titimangsa kawilujengan.

Kersanipun, jatining kawilujengan punika tetela nalikaning Gusti Allah ingkang asipat langgeng ngruwat dosa-dosaning jagat kanthi mbethot siyunging Bethara Kala. Menawi suwaunipun dewaning wektu njalari manungsa giris, amargi gesang ing wewayanganing pati, lantaran pakaryan Dalem ing margi lan pucaking pamenthangan, wewayanganing pati kala wau mboten damel girising penggalih malih (kaselarasna Rum 6:9, 23).

Kala mangsa ingkang mémba dados Yamadipati, tan kuwawi misahaken para kagunganipun Gusti kaliyan sih katresnan Dalem ingkang langgeng (Rum 8:38,39). Tetéla bilih amargi pakaryan Dalem Gusti, kala mangsa ingkang wujudipun nggegirisi kala wau salin wujud dados titi mangsa Liturgi. Mangsa kala mboten nuwuhaken raos kuwatos malih, ananging salin rupi dados kalangwan, pranasmara dhumateng Gusti mbabar wahyaning karahayon (Setiyadi, “Manakala Menyadari Sang Kala”, 2011).

Kanthi nglengganani wahyaning mangsa kala, kita pikantuk kawruh bilih titi mangsa Liturgi sejatosipun wekdal nalikaning Gusti mbabar jatining kayuwanan, nebus dosa-dosaning salir dumadi. Kababaring lelampahan punika dipun akeni ing Sahadat Kalihwelas, utawi Pengaken Pitados Rasuli. Saking ungeling sahadat, pakaryan kawilujengan punika kawiyak, kawitan rawuh Dalem Sang Kristus ing Sang Roh Suci lantaran guwa garbanipun Dewi Maria.

Kapitadosan punika kateguhaken lantaran pahargyan Natal kanthi titi mangsa Advén minangka pacawisan. Salajengipun, pakaryan Dalem Sang Kristus ngrembat dosa-dosaning jagad nalika jamanipun Pontius Pilatus –nandhang sangsara, seda sinalib, lan wungu malih ing tigang dintenipun– dipun pengeti Pasamuwan Suci ing dinten adi Paskah kanthi pacawisan ing titimangsa ndungkap Paskah. Sasampunipun Gusti wungu lajeng sumengka dhateng ing swarga.

Saking swarga Gusti badhe rawuh malih, ingkang tansah kaantu-antu dening umatipun. Murih kalaning pangrantunan mboten muspra, Gusti Yesus maringaken Roh Suci ing dinten Pentekosta ingkang dados pucaking pahargyan Paskah. Lantaran Sang Roh Suci, Pasamuwan pikantuk kekiyatan kanggé nglajengaken pakaryan kawilujengan lan ngantos-antos rawuh Dalem ingkang kaping kalih.

Titi mangsa pangantu-antu punika panjang, kados tumapaking titi mangsa limrah ingkang mapan ing antaraning Natal – ndungkap Paskah, lan Pentekosta – Advén. Satengahing titi mangsa limrah, Pasamuwan sinagedna mbabaraken wijining kabar kabingahan ngantos thukul ngrembaka lan ngedalaken woh ingkang kathah. 

Ngengeti titi mangsa limrah punika panjang, kanggé ngawekani raos nglangut, Pasamuwan saged netepaken dinten utawi pekan mirunggan murih tetep regenging olah panembah. Umpaminipun Pekan Pendidikan, Wulan Kitab Suci, Wulan Brayat, Dinten Pekabaran Injil, Dinten Bojana Suci Sajagad, Dinten ambal warsa Greja, Dinten Riyaya Undhuh-undhuh, lan sapiturutipun. Paugeranipun, sedaya prastawa punika katujokaken kanggé nelakaken raos urmat dhumateng pakaryan Dalem Sang Kristus.

Kanthi mekaten tetela bilih kala mangsa Liturgi ingkang dipun tegesi ing tata wacana wara mratelaaken kawuryaning prastawa kawilujengan, lan Sang Kristus ingkang dados punjeripun. Mboten maiben menawi tumapaking kala mangsa Liturgi tansah dados kalangwaning para kagunganipun Gusti. Saking ngriki lajeng kababar téologi dinten Minggu minangka dinten pangabekti. Sayektosipun, dinten Minggu mujudaken pengetan Paskah, amargi ing dinten kapisan (ekhad) Gusti wungu (Markus 16:9).

Prekawis punika ingkang dados jalaran wontenipun ewah-ewahan tumraping pangabektinipun umat Kristen. Ingkang suwaunipun ngenut tradisi Yahudi ngabekti ing dinten Sabat, lajeng nindakaken pangabekti ing dinten Minggu. Ngengeti wigatosing dinten Minggu, mila dados dhasar anggenipun Pasamuwan nyusun tata wacana wara. Paling mboten, lantaran tata wacana wara kita saged mangertosi gagasan téologis ingkang sinamar ing jantraning kala mangsa. Satunggaling prekawis ingkang mbetahaken pasinaon mirunggan.

Kanthi nglengganani surasaning kala mangsa Liturgi ingkang puncakipun ing dinten Minggu, mugi sangsaya nuwuhaken gregeting tekad memayu endahing pamulanganipun Pasamuwan GKJ. Ngengeti ing saben titi mangsa Liturgi wonten woh kasukman ingkang saged kapethik. Kirang langkungipun andharan piwulang ing kitab Khotbah Jangkep nggadhahi tujuan suka pambiyantu dhumateng para pelados Sabda Suci methik wohing kasukman kala wau.

Wondene srana renungan ing kitab Sadhar, mugi handayani mring hayuning kapitadosanipun umat anggenipun mecaki margining kayuwanan laras kaliyan jantraning kala mangsa Liturgi. Jer Sabda Winedhar punika pindha sekar Wijayakusuma ingkang sinung daya kanggé mulihaken, maluyaaken tuwin nggesangaken (Setiyadi, Sabda Winedhar Pindha Sekar Wijayakusuma, 2010). Kersanipun, lantaran kitab Sadhar mugi nuntun pasamuwan necep, neges, sarta ngemban Sabda Dalem Gusti. Ing basa sanes, mugi dayaning Sabda Suci ingkang winedhar saben ari paring kasantosan tumraping Pasamuwan Suci anggenipun nindakaken ayahan timbalan memayu gesang rahayu. |seti