Gayuting Kitab Suci Kaliyan Kala Mangsa Liturgi

gulungan kitab




Wontenipun Kitab Suci ingkang dipun terangaken saha wulangaken èstunipun katujokaken kanggé mahargya pakaryan Dalem Gusti ing tengahing jagad. Kepara, balunganing pahargyan Liturgi punika binabaripun sesarengan kaliyan nalikaning Kitab Suci sinerat (van Olst, 2006:4). Saged kadugi bilih nalika para panyerat Kitab Suci sami nyerat pengalamaning kapitadosanipun, sampun nggadhahi pangertosan tumrap Liturgi utawi Tata Pahargyan Pakaryan Dalem Gusti Allah.

Conto ingkang gampil temtu Kitab Masmur, ingkang isi pandonga lan pepujèn ing tengahing pangabekti. Mboten maiben menawi Masmur dados kitab pandonganing Pasamuwan, ingkang ing tata wacana wara dados tanggapan pamaosing Sabda Suci. Pramila, migunaaken Masmur dados wedharan khotbah temtu nyimpang saking wewatekanipun Kitab Masmur (van Olst, 2006:8).

Kapanggalihna ugi bilih Kitab Pangentasan sinerat kanggé Liturgi Paskah Yahudi. Kitab Yusak nggambaraken tata pahargyan, kawitan nalika pethi prasetyan kaarak ngubengi kitha Yerikho ngantos purnaning pahargyan ingkang katutup déning Sénapati Yusak (Yusak 8:30-35). Ing ngriki Yosua ngedegaken misybah, misusungaken kurban, lan maos Kitab Toret. Saking Prajanjian Anyar kita saged ngungak Kitab Wahyu.

Kitab Wahyu saged dados srana nyinaoni tata pangabekti. Saking Kitab Wahyu kita sinau bilih ing babagan Liturgi, tiyang Kristen wiwitan ketat sanget anggénipun midhèrèk Torèt lan Kitab Nabi-nabi. Saking ngriki saged winastan bilih Kitab Wahyu sejatinipun mujudaken kitab Liturgi  (van Olst, 2006:10). Wahyu 1:1-8 saged kapirsanan minangka tuntunan pangibadah, ingkang mratélaaken wawan pangandikanipun ingkang nyerat kaliyan pasamuwan ingkang mirengaken saha nanggapi (Suharyo Pr, 1993:63). Ing ngriku kita manggihaken wontenipun salam, berkah, lan kidung pamuji minangka peranganing unsur-unsur Liturgi.

Menggalihaken prekawis punika, tetéla bilih Kitab Suci rinakit pancèn katujokaken kanggé mahargya pakaryan Dalem Gusti. Mila anggèn kita nyuraos Kitab Suci minangka dhasaring khotbah, nyerat khotbah tuwin ngandharaken, mboten saged nglirwaaken kaliyan tujuanipun Kitab Suci sinerat. Ing tembung sanès, surasaning kala mangsaning Liturgi mujudaken paugeran kanggé martosaken isining Kitab Suci. Pojokaning panyawang tumrap Liturgi dados kunci kanggé nyuraos isining Kitab Suci. Kanthi mekaten, mapanaken Kitab Suci minangka kitab liturgis mboten saged dipun éndhani malih.

Pitakénanipun, kados pundi seratan suci punika kaginaaken ing jaman Kitab Suci? Panggilut tumrap pitakénan punika nuntun mring jatining seserepan tumraping pasamuwan rikala semanten ngantos ing jaman sapunika. Liripun, pakaryan Dalem Gusti ingkang milujengaken tetep sami, wiwit ing mula buka, sapunika ngantos salami-laminipun.






Pakaryan kawilujengan ing saben jaman mbetahaken wadhah srana rumpakaning sastra. Dadosa ingkang kawedhar ing tulis punapa dene lésan, ngantos ing cak-cakaning gesang. Kanthi mekaten, kawruh tapsir ingkang kaginaaken déning para guru ing jamanipun Gusti Yesus dados penting kanggé srana ndhudhah mutyara adi ing Kitab Suci. 

Wonten ing Kitab Injil umpaminipun, Gusti Yesus anggenipun nerangaken Kitab Prajanjian Lami pranyata laras kaliyan seserepan tapsiripun para guru Yahudi  (van Olst, 2006:56-57). Saking ngriki kita mangertos bilih pasamuwan wiwitan mapanaken Kitab Suci miturut pandoming Liturgi. Kawruh punika winastan tapsir tipologis ingkang beda kaliyan tapsir alegoris! Tapsir tipologis ngemu pikajeng kanggé manggihaken larasing suraosipun Kitab Suci utawi harmonisasi ingkang béda kaliyan benang merah. Tapsir tipologis kanthi mekaten saged kaginaaken kanggé nyuraos tata wacana wara ingkang kacawisaken dening Pasamuwan Suci.

Tetéla bilih nyuraos Kitab Suci mboten cekap namung ngandelaken keterangan ingkang kamot ing kitab-kitab tapsir. Langkung-langkung kitab tapsir ingkang kirang menggalihaken gagasan téologis menggahing kala mangsa utawi swasana Liturgi ing Kitab Suci. Swasana Liturgi ing ngriki temtu nggambaraken kridhaning kapitadosan nyuraos mobah-mosiking kahanan.

Sampun ngantos khotbah tundanipun angel dipun bedakaken kaliyan opini ing ari warti, amargi wasisipun mbeber kedadosan ing jagad, nanging suwung ing panyuraos kapitadosan. Kanthi kebabaring sastra tulis ingkang ngemot piwulang lan pakaryan Dalem Gusti lantaran kitab Khotbah Jangkep lan Sadhar, mugi ndayani pangabektinipun Pasamuwan Suci. |seti